Dina Basane Mboke

Saben tanggal 21 Februari diperingati sebagai Hari Bahasa Ibu Internasional. Nggo tahun 2012 kiye, diperingati sing ke-13. Hari Bahasa Ibu, berarti dina basane mboke, iya oh ya...? Sih kuwe dina apa, ya dina Selasa oh... Pancen wingi, tanggal 21 Februari kuwe dina Selasa. Tapi sing dimaksud dina basane mboke kuwe, dina sing diperingati nggo ngelingna basane mboke, kaya dina ulang tahun lah gampangane.
Basane mboke, berarti basa sing digunakena saben dina ning umah, ning lingkungane dewek-dewek. Angger enyong sing wong Brebes, berarti basane mboke ya basa Brebesan. Rika sing wong Tegal, ya basa mbokene basa Tegalan. Sing wong Sunda, ya basa mbokene basa Sunda. Ning Indonesia dewek, ana atusan basa mboke, malah jare ana sing wis punah. Wonge wis ora nganggo basa mbokene maning, tapi ndean nganggo basa nasional, kaya bahasa Indonesia atawa nganggo basa liane.
Jare, kiye jare Atmo Tan Sidik, akeh bahasa mboke sing wis ilang. Mangkane saben tanggal 21 Februari diperingati dina basa mboke, sing wis diakui daning Unesco, eben basa mboke ora ilang. Monine, ana 700an basa daerah sing pan ilang. Penyebabe, salah sijini akeh keluarga sing wis ora nganggo basane dewek, basa mboke. Ana sing moni isin, ora keren, ketinggalan jaman, katro. Padahal basa mboke kuwe penting, kanggo ngopeni adat istiadat sing ana. Angger basa mbokene ilang, otomatis adat istiadate bakalan ilang.
Toli kiye, sing kadang nyong rada ora trima, wong nganggo basa mboke, basa Brebesan monine ora duwe tata krama, ora duwe unggah-ungguh, ora ngerti bebasa. Kudune nganggo basa Jawa Krama Inggil, sing kadang ngomonge be angel. Ngerti artine be belih kah... dipaksa ngomong nganggo basa kaya kuwe. Ning pelajaran ya kadang dipaksa-paksa ana. Donge primen kuwe? Jarene kudu ngurip-nguripi basane mbokene dewek. Tapi angger dipaksakena, ya ora bisa.
Basa Brebesan, Basa Tegalan lan sekitare, pancen masuke basa Jawa. Tapi kan beda nemen, ora bisa dipadakena karo basa Jawa Krama, basa Jawa sing biasa digunakena ning kraton. Coba gen, bocah saiki ditakoni nganggo basa Jawa Krama, ora bakalan ngerti, sebabe pancen dudu basane dewek, dudu basa mbokene. Angger basa Brebesan tah mesti ngertine, senajan laka pelajaran basa Brebesan ning sekolahan. Ader ana pelajaran basa Brebesan apa Tegalan nang sekolahan wilayah kene? Angger ana, tak acunge jempol papat kyeh...
Toli sing dadi ora trima maning, angger nganggo basa Brebesan atawa Tegalan, monine lucu. Lucu apane donge? Kuwe tah lawakan sing nang tivi-tivi, dadine kayane basane dewek kuwe basa sing lucu. Padahal ya biasa bae. Terus ora lucu primen, wong adong ana acara resmi toli nganggo basa Brebesan atawa Tegalan be pada ngguyu dewek. Padahal nggal dinane ya dinggo komunikasi karo keluarga, kanca batir. Durung pede nganggo basane dewek, basane mboke. Yakin sung, kiye mesti kaya kuwe kabeh.
Basane dewek, basane mbokene enyong koen kabeh, kuwe esih dinggap basane wong pinggiran, sing kasar. Angger ngobrol, kanda-kadanan be monine kaya wong tukaran. Malahan kewan-kewan sing ana ning kebun binatang ya pada metu. Sampe-sampe Atmo Tan Sidik gawe puisi, sing judule dugale asu maring menungsa. Lha ora dugal priben, angger ana masalah mesti nggawa-nggawa asu. Padahal asune kuwe ora ngerti ora acan-acan. Wong ana batir suwe ora ketemu, be pas ketemu ngomonge nggawa-nggawa asu.
Pokoke, mulai saiki kudu bangga duwe basane mboke. Apa maning Unesco ya wing ngakui, anane basa mboke kuwe. Ora usah isin nganggo basane mboke, senajan basane wagu, dirungokena ya ora kepenak. Sing penting duwe basane mboke. Malah kudune pelajaran basa Jawa sing nang sekolah diganti, aja basa Jawa Krama, tapi basa Brebesan atawa Tegalan. Tuli kae sing basane Sunda, ya aja dipaksa pelajaran basa Jawa. Aja maning Sunda, wong awak dewek sinau basa Jawa Krama be angel nemen. Kiye tah dudu moni sengit karo basa Jawa Krama, tapi pancen basa mbokene enyong dudu Jawa Krama, tapi Brebesan. (*)

Komentar

Postingan Populer