Langsung ke konten utama

Postingan

Unggulan

Cerita Mudik

Kyeh..., enyong pan cerita mudik, wong saiki lagi ungsum mudik. Soale enyong dewek wis ora tahu mudik. Mudik terakhir tahun 2001, tahun terakhir kuliah nang Surabaya. Ya nggo bagi kenangan bae, ora nana liyane. Bisane ora tau mudik? Ya soale bojo wong Brebes, umahe ya ning Brebes. Dadi wis ora tau ngrasakena mudik 23 tahun. Singkat bae, pengalaman mudike enyong tau nganggo bis, nganggo sepur ya tau. Dang nganggo bis, biasane numpak bis patas, kaya Coyo atawa Ezri, sing jurusane Surabaya-Tegal. Angger numpak sepur, ya paling KA Kertajaya apa Gaya Baru Malam, sing bisa mudun ning stasiun Brebes apa Stasiun Tegal. Pengalaman numpak bis karo numpak sepur pada bae, ana ora kepenake. Ceritane pas pengin numpak bis sing biasa, patas, ternyata tikete wis entek ning agene. Terpaksa maring terminal Bungurasih Surabaya. Terminal paling gede ning Jawa Timur. Lha kiye, enyong kan jaman semono rambute esih gondorong, sebahu lah kurang luwih. Celanane jeans, sing dengkule suwek. Kiye suwek de

Postingan Terbaru

Mochamad Djuwawin, Tak Jera Dipenjara

Mengenal HSA Bashori

Dedy Walikota Tegal yang Nyentrik

Matematika Politik dalam Pemilu

Politik Dinasti

Indra Kusuma, Ketua DPC yang Sakti Mandraguna?

Mengenalkan Pemilu kepada Anak

Menikmati Hidup: Ingin Sate, Dapatnya Tempe

Jangan Khianati Sumpah Pemuda

Catatan Kritis Pilkades Serentak 2022