Senggane Enyong Dadi Bupati

Kabupaten Brebes enggal nggelar Pilkada, sing jare pan dilaksanakena wulan Oktober 2012. Partai-partai wis mbuka pendaftaran bakal calon bupati karo wakil bupati. Sing ndaftar wis akeh, ana wong 15. Kuwe sing ndaftar ning PDIP, durung partai liane sing durung mbuka pendaftaran. Ana sing ndaftar dadi calon bupati, ana sing ndaftar calon wakil bupati. Rupane akeh sing kepencut pengin dadi bupati. Sampe-sampe bupati sing saiki, Agung Widyantoro karo wakile, Idza Priyanti, ya melu ndaftar.
Bisane sing pengin dadi bupati akeh yah? Apa gajie gede apa keprimen? Padah tugase yang ora gampang, angel lan berat. Kudu ngurus jutaan rakyat, jutaan keinginan. Pokoke dadi bupati kuwe kesel, lha tugase muter-muter masing kabeh desa, kabeh kecamatan. Kayong laka dina gabug, mesti kudu ketemu rakyate. Apa sing dibutuhna kudu dirungokna, terus ditindaklanjuti karo kebijakan pembangunan.
Senggane enyong dadi bupati sih primen? Kayonge bisa ora, teyeng apa belih? Wong tugase kudu mider-mider terus? Durung ana nyusun anggaran, nyusun kebijakan, ngatur para pegawene. Mangkane pegawene yang nganti welasan ewu. Ana sing mbedud, ana sing ndableg. Sing pinter lan nurut yang pirang-pirang. Sing tukang maido, tukang njilat aya ana. Sing kiyeng kerja, sing ora kiyeng babar blas, ora tau mangkat, jare ya ana. Kabeh kuwe mau, kudu diatur. Sing ngatur ya bupati oh... sih sapa maning. Wong arane bupati pancen tugase ngatur, tanggung jawab apa sing kerjakena pegawene.
Dadi bupati kuwe orang mung njagong ning mburine meja. Ngongkon anak buahe mena-mene nggawe aturan, gawe kebijakan. Deweke tinggal tanda tangan. Kayane tah ora mung kaya kuwe tok. Kudu akeh dilakoni. Mangkane, angger bupati sing saiki njabat, ora tau ning kantor, yang kudu dimaklumi. Pancen tugase kuwe akeh nemen. Kudu sing sering maring desa-desa, ndeleng priben keadaane, apa pada waras kabeh apa belih. Angger ana sing kurang waras, ya segera digawak maring rumah sakit. Sing kayong anggur-angguran, ya diluruhna gawean.
Terus kiye oh, sering jalan-jalan nang desa, nggango mobil mbuh motor, ben weruh keadaan dalan-dalane sing dilewati warga. Sepisan-sepisan aja turu angger mlaku nganggo mobil, dadine bisa weruh langsung priben kondisi dalane. Angger mobil mewah, ana jeglugan setitik tah ora krasa. Apa maning numpake karo turu, ora krasa pisan. Ujug-ujug wis anjog pendopo, bailk tuli turu. Angger weruh langsung, dadine ngerti apa sing kudu dibangun, ya kuwe mau, dalan-dalan sing dilewati wargane sing pada rusak.
Senggane enyong dadi bupati, kudu sering dolan maring sawah. Priben kondisi petanine, apa pada tandur apa belih. Aja-aja sawahe pada puso kabeh, lha mengko rakyate pada mangan apa, termasuke enyonge? Dadi pancen kudu dolan maring sawah, ngerti pupuk sing digunakena petani apa bae, saluran irigasiane jalan apa ora. Angar ora jalan, apa sebabe, kudu digoletna solusine. Tandurane pada kenang hama apa ora, kudu ngarti. Dadine ana tindakan, keprimen bisa ana kedadean kaya kuwe.
Wong saiki, kabeh apa-apa serba ditibakna maring sing arane bupati. Ana dalan rusak, ya bupati dianggep ora jegod mimpin. Ana irigasi mampet, bupatine ora peduli karo wong tani. Ana rakyat mriyang, bupatine diangep ora melasan. Ana bencana, bupati kudu segera turun tangan. Pokoke apa bae sing kedadean ning wilayah seluruh kabupaten, ya urusane bupati. Sampe-sampe urusan demenan be dadi urusan bupati. Sih priben kue. Pancen bupati kuwe pancen dadi jujugan rakyate, soal apa bae.
Dadi bupati kuwe pancen kudu nduweni semangat sing bener, nggo mebla rakyate. Dudu nggo kepentingan deweke. Aja kadiran dadi bupati, terus maen tunjuk bae. Maen ngongkon, maen perintah. Emange raja apa? Wong bupati kuwe pilihane rakyat. Makane selama menjabat, kudu bener-bener njalakna janji-njanjine mau, aja ngianati, aja ingkar janji, mengko dosa, manjing neraka lah kapok. Mangkane angger wis manjing neraka, susah metune.
Hidih..., kayong dadi bupati berat yah... Waktu nggo keluarga ora nduwe, anak ora keurus, bojo jalan-jalan dewek, mung sekali-kali ndampingi. Arane be Ketua TP PKK, kudu ndampingi bupatine oh. Wis kaya kiye bae, senggane enyong dadi bupati, kudu bisa nglakoni kuwe mau sing dadi tugase. Pancen kudu akeh pengorbanan, harta benda, dan keluarga. Tuli sing penting maning kyeh, angger nyong dadi bupati ora pan korupsi. Jare korupsi kuwe ora berakhlak, matine manjing neraka. Naudzubillah! (*)

Komentar

Postingan Populer