Senggane Dadi PNS

Dadi Pegawai Negeri Sipil (PNS) kuwe jare kepenak. Olih gaji wulanan, kerjane jarene ya ora patia berat. Wis kaya kuwe, ora kuatir bakal dipecat. Masa depane jare terjamin, soale olih pensiunan. Mangkane saben tahun, yen ana pendaftaran CPNS, pesertane mesti ewunan. Termasuke enyong, ya tau melu ndaftar CPNS. Ya kuwe mau, jarene dadi PNS kuwe enak. Ndilalah ora diterima, dadine durung tau ngrasakena enake dadi PNS. Mukur krungu-krungu tok enake dadi PNS.
Ora mung kaya kuwe tok, ning masyarakat ya dadi tokoh. Soale, angger pegawe kuwe sing sering olih informasi ndisit. Apa-apa sing dadi keputusane pemrentah, mesti pegawai ngerti ndisiti sadurunge rayat ngerti. Ora ngerti ndisit priben, wong kebijakan pemrentah kuwe ya sing njalani ya pegawene ndisit oh. Apa maning angger sing uripe ning desa, status pegawai kuwe kaya priyayi. Wong sing penting, sing nduwe kebijakan. Ari kiye tah kayane awit jaman mbiyen, awit jaman Landa. Angger sing arane priyayi, angger dudu wong sugih ya mesti pegawe.
Wis saben wulan olih gajian, oleh TPP maning, Tunjangan Penghasilan Pegawai. Kuwe tujuane jare eben para pegawe mau kerjane luwih sregep maning. Sregep anggone melayani rayate. Angger ana perjalanan dinas ya jare olih sangu. Tugas maring luar kota nginep, ya olih ongkos nggo nginep. Durung adang ana proyek, ya olih upah, ana honore dewek. Mulane gajiane utuh, soale wis ana jaminan kuwe mau.
Kuwe pegawe mau sing ning kantor-kantor, angger guru sing dadi pegawe negeri, malah jare luwih akeh gajie. Soale ana sertifikasi, ya kuwe sing arane guru profesional, dadine gajie dobel. Kepenak oh ya, dadi pegawe negeri. Mangkane akeh sing iri. Mulane jare, kiye jare maning. Primen carane ben bisa dadi PNS, jare rela ngetokna duit sampai atusan juta. Idih, daning akeh nemen kaya kuwe yah... Lha iya, wong gajie be jare akeh. Kayonge wong-wong sing wis dadi PNS mesti seneng lan bahagia, kebutuhan apa bae mesti keturuti.
Senggane enyong dadi PNS sih kepriben? Bisa kaya kuwe belih yah? Jare wong tuwa, sing arane menusa kuwe pancen senenge sawang-sinawang. Sing dadi PNS mesti nyawang wong sing sukses dadi pengusaha, kayane kepenak dadi pengusaha, bisa libur karepe dewek. Pan apa bae karepe dewek, gajiane ya karepe dewek. Nyawang sing dadi politisi, ya jare kepenak nemen. Apa bae sing ngurusi pegawene, tapi pegawene jare ora tau kecepretan.
Enyong ora bisa mbayangna senggane enyong dadi PNS. Njagong mburine meja, ngarepe komputer. Kudu ngrapa tugas kiye, tugas kae. Durung rampung, ana perintah sing atasane, kudu kaya kie, kudu mana, kudu mene. Kayong ora sempet nggo sante babar blas. Lha wong sing dadi bupati be sibuke por seor, apa maning sing dadi pegawene, yang luwih pro seor, nganti jemper.
Sing arane PNS, ya ora kena nerima suap. Jare angger nerima suap, kuwe termasuke korupsi. Apa maning njaluki duit maring sing ngerjakna proyek. Ngko nasibe kaya Gayus, manjing penjara. Angger Gayus tah wis oleh duit atusan milyar, lha angger pegawe sing nembe olih puluhan juta tok, nang rugi awak lan pikiran. Olihe sepira, kena kasus hukum maning. Tuli saiki, rayat kuwe wis pada pinter-pinter, aja suka mbebodo rayate. Mbokan rayate jengkel, dilaporna maring polisi, jaksa, malah ana sing laporan amring KPK ana apa.
Pokoke, saiki dadi PNS kuwe bener-bener diawasi daning rayate. Kerja sleder setitik be langsung gerak-gerak. Apa maning kerjane ora peta, mesti digubrak-gubrak. Lha kae, ning Ngresula Radar, akeh sing komplen maring kerjane pegawe. Mbuh sing ning kantor, mbuh sing dadi guru, sing dadi perawat, sing dadi dokter. kabeh pada dikomplen daning rayat. Mbuh tah kuwe rayate sing sentimen apa sengit. Buktine akeh bae sing komplen.
Angger dadi PNS kaya kuwe tah, kayane ndean akeh sing njaluk pada pensiun dini yah? Wong kerjane jare melayani rayat, dadine kudu bener-bener melayani rayat. kaya pelayan nglayani juragane. Angger ora bener setitik, ya bisa dibentak-bentak. Salah setitik diganyami, wong telat be monine langka gerakane. Senggane enyong sing dadi PNS, pengen age-age pensiun. Ora gelem diperpanjang masa jabatane, mbati dipaido tok daning wong akeh! (*)

Komentar

Postingan Populer