Awas Banjir...

Wong arane musim udan ya banjir, akeh umah pada klelep, bawang pada kebanjiran. Angger musim ketiga yang panas, tur akeh debune, toli ya akeh kebakaran. Kuwe wis jamak, ora usah pada eram kaya kuwe. Wong kuwe, jarena wis dadi takdire Gusti Allah, ora usah pada ngresula.
Toli pada pasarah kaya kuwe bae, apa priben? Wong uwong nang kudu usaha. Bisane kebanjiran, nang ana sebabe oh... Bisane ana kebakaran, nang ana asal usule, ora ujug-ujug kebakaran. Mesti ana sebabe kabeh. Takdir tah pancen  kersane Gusti Allah, wong ora bisa nyegah yen wis dadi takdire kaya kuwe. Tapi kan ana sebabe, sing salah sijine daning menusa kuwe dewek.
Contone, jamane musim ketiga, ana kedadean kebakaran. Bisa disebabna kecerobohane wong, mbakar sampah sembaranga, terus merembet maring umah. Kan wis umum oh ya, yen musim ketiga akeh godong garing, suket ya pada garing, sampah pada mabur-mabur. Dadine geni sing asale cilik, bisa tambah gede, akhire kena umah, dadilah kebakaran.
Sing gampang maning, angger ana kebakaran hutan, gara-gara mbuang tegesan rokok sembarangan ning pinggir alas, ya bisa nyebabena kebakaran alas alias hutan. Wis akeh kedadean sing kaya kuwe, tapi menusane ora sadar-sadar.
Saiki lagi musim udan atawa musim rendeng. Saiki geger, ribut-ribut masalah kebanjiran. Pancen ora bisa nyalahna sapa-sapa, ya kuwe uga wis pancene takdir. Tapi sepisan maning, kan ana penyebebe. Banjir, karena pancen udane gede nemen, nganti pirang-pirang jam atawa pirang dina. Banjir kiriman, atawa banjir bandang, sing wilayah nduwure, atawa karena tanggul jebol. Angger wis banjir, yang mung bisa ngungsi tok, ora bisa berbuat apa-apa.
Banjir juga bisa disebabna ulahe menusa dewek. nebang wit-witan sakarepe dewek, dadine alas dadi gundul. Langka resapan banyu ning lemah. Wis kaya kuwe, mbuang sampah ya sembarangan, akibate saluran sing wis sempit, dadi tambah mampet. Ana maning sing disebabena tanggul jebol, karena didodos daning wong.
Anane tanggul, kuwe kan salah sijine usaha eben daerah sing ana kiwa tengene kali ora kenang banjir saat musim rendeng. Tapiken, usaha kuwe kadang mung disia-sia tok daning warga sing ora tanggung jawab. Wis digawe tanggul bener-bener, ana bae sing ndodos. Ana sing gawe dalan, malah ana sing gawe bangunan sing manggone ning pinggire tanggul. Jarene tah mung ndodos sacuil tok, ora bahaya. Pengrasane tah kaya kuwe, ora mikir akibat mburine.
Contone saiki, ribu banjir. Angger wis kayakuwe mung nyalahna pemrentah. Jarene pemrentah ora peduli karo rayate. Tanggul wis rusak ora didanda-dandani, ana saluran mampet, ora dikeruk-keruk. Kuwe kan tugase pemrentah kabeh. Terus tugase rayat apa, mung ndeleng tok apa priben? Loken kabeh-kabeh diserahna maring pemrentah. Ya iya lah, wong rayate kan wis pada mbayar pajek. Dadi pancene pemrentah kudu tanggap kabeh maring apa sing dadi kebutuhane rayat. Iya oh ya...
Angger kaya kuwe kabeh nang engko pemrentahe bangkrut oh... apa-apa serba pemrentah. Loken pan ngeruk got bae kudu pemrentah. Kayong kebangeten nemen kaya kuwe tah... Pancen, ana kewajiban pemrenteh, tapi juga ana kewajiban rayat selain mbayar pajak. Contone kaya kuye, ngeruk got, paling ora ning arepe umahe dewek-dewek. Aja ngrusak sing wis digawe daning pemrentah. Kaya tanggul, senajan setitik, tetap abe ora olih. Sebabe apa, setitik tapi resikone bahaya nemen. Bisa nyebabnya tanggul jebol. Angger wis kaya kuwe sapa, sing rugi, sing rugi ya rayat kabeh. Termasuk sing ora melu-melu ngrusak, ya kena imbase.
Toli angger kaya kuwe, sing ndodos tanggul pan disalahna apa priben. Angger pan nyalahna, ya sing weruh ya disalahna juga, lha wong ngerti ndodos tanggul salah, tapi didelengna bae, ya salah. Wis, angger wis kedadean ora perlu nyalahna sapa-sapa. Kabeh nggo introspeksi diri. Apa bae perilaku sing salah, sing ora bener, kudu aja dilakoni maning. Senajan kayonge tah laka imbase, kaya mbuang sampah sembarangan. Kayane tah laka akibate babar blas, tapi angger saben wong kaya kuwe, nang kalen kebek sampah tok oh...
Saiki pada eling, peduli karo lingkungan. Ben wayah rendeng, priben aja keseringen banjir. Awas banjir... (*)

Komentar

Postingan Populer