Bocah Esemka

Gemien, imej bocah sing sekola ning SMK, kiye ora apik. SMK (esemka), gemien arane STM. Gemien esih dianggep sekolahan pinggiran, kampungan, ora bermutu. Pokoke serba negatif. Sering dianggep mung dadi sekolahane bocah sing senenge tawuran. Sekolah buangan, sing ora bisa mlebu SMA Negeri. Ana ribut-ribut, ya jare bocah kuwe, kayong imeje negatif tok, akhire akeh sing nyebut bocah esemka kuwe bocah asem kah...
Kuwe gemien, saiki ya beda oh. Malah saiki diburu, digoleti, malah pada antri anggone mlebu sekolahan kuwe. Wong tua saiki malah eben anake mlebu esemka. Soale jare sekolah esmeka, bocahe bisa langsung luruh kerja, malah bisa kerja dewek oh... Mbuka lapangan kerja. Kuwe salah sijine kelebihane bocah esemka. Malah saiki, saben kota ndean ana sekolahan esemka. Akehe tah jurusan otomotif, terus eletronika, teknologi informatika lan lia-liane. Pokoke komplitlah.
Saiki bocah esemka pancen lagi mocer, lagi digadang-gadang, lagi dadi lakon. Penyebabe dudu karena wong lia, tapi karena deweke sing kreatip, pinter macem-macem. Mulai sing paling gampang, sampai paling angel. Contone kuwe mau, mboil sing digawek bocah-bocah esemka. Hebat yah..., bocah esemka be bisa nggawe mobil. Apa maning sing sarjana, dongene tah bisa nggawe sepur oh...
Hebate bocah esemka mau, sampai-sampai dadi berita sing terus-terusan. Sing munculna ndisit kuwe Walikota Solo Joko Widodo (Jokowi), sing jarene narsis, kakehen reka, wong mboil durung ana jaminane kah didadekna mobil dinas. Ya dicibir oh daning gubernure, jarene sembrono. Akeh sing ndukung langkahe Jokowi, sing mandang sinis ya ana. Arane politik, angger durung pol, mesti diitik-itik terus.
Bar sing Solo muncul, liane ya pada muncul. Ana sing Semarang, Surabaya, lan liane. Kabeh ya wis bisa nggawe mobil dewek-dewek. Mung durung diekspose media. Tuli kuwe mau, ulahe media, ya mesti golet liane, dadine berita rame, susul menyusul. Jare istilah jurnalistike kuwe, runing news. Berita sing orang mandeg-mandeg, terus mlayu, ana kiye, engko ana kae. Sing intine hasil karyane bocah-bocah esemka. Hebat oh ya, terus dadi pemberitaan.
Tapi bisane mung disebut esemkane tok yah..., bocahe sapa donge, bacah-bocah mau sing gawe mobil kuwe, donge sapa siji-sijine? Dudu, kaya kuwe, sing jelas bocah esemka kuwe mau akeh, wis bolak-balik lulus. Dadi ora bisa disebutna arane siji-siji oh... Sing penting kuwe, hasile bocah-bocah esemka, tentune ya karo gurune, terus pihak-pihak terkait oh... Iya ora?
Pancen, semangat lan keahliane bocah-bocah esemka kuwe mau, kudu didukung, aja disepelekena. Akeh sing ndukung, tapi aja mung ngomong tok. Kudu dibuktikena. Paling ora, kuwe mau, hasile kudu dihargai. Aja mung dipaido tok. Ana wacana dadi mobil nasional, dadi produksi nasional. Sing jelas, anggar ana investor, ya bisa diterusna. Sing penting bisa bersaing karo industri sing wis ana, aja ngremehna kualitas.
Ngomongna mbil nasional atawa produk nasional, pancen angel-angel gampang, gampang-gampang angel. Sih bisane? Ya bisa bae, wong uwonge be angel-angel, mukur wacana tok. Awit mbiyen jaren pan gawe mobil nasional, tapi nyatane impor. priben donge? Bolak-balik gawe mobil nasional, eh laka jluntrungane... tetap bae mobil kae bae. Wong jarum pentul be nganti impor sing China, apa ora kebangeten kuwe?
Ora ngomongna masalah kuwe tah, sing penting pancen semangate lan kreatipe bocah esemka kuwe pancen kudu diacungi jempol. Pemerintah sebagai pengambil kebijakan, kudu ndukung. Salah sijine ya nyediakena alat nggo prakteke bocah-bocah esemka oh.. Setujua sedulur. Sing bocah SMA ya bisa, aja gelam kalah. Bersaing sing apik tah ora papa. Iya, kaya kuwe? (*)

Komentar

Postingan Populer