Sandal Jepit Ora Payu?

Gara-gara kasus sandal jepit disidang, saiki sandal jepit terancam ora payu. Buktine, ewunan sandal jepit dibalek-balekna. Mbuh pan nggo apa kuwe sandal jepit sing wis butut mau. Sebabe saiki akeh wong sing wedi nganggo sandal jepit. Mbokan dituduh nyolong sandal jepit. Wah, angger kaya kuwe bisa repot. Menggko pabrik sandal jepit pada tutup, karyawane bisa dipecati.
Berita kaya kuwe saiki malah mbrabah, ora mung bisa disidang, tapi bisa ndandekna krisis ekonomi. Rakyat bisa ora pada nganggo sandal jepit, karena wedi mau. Angger ora pada gelam nganggo sandal jepit, terus sapa sing pada tuku? Ya akhire pada ora payu, pabrike akhire tutup, karyawane dipecat. Keluargane pada kapiran, ora bisa mangan. Akhire mbuh, pada kaya apa? Bisa-bisa dunia terjadi resesi ekonomi, gara-gara sandal jepit.
Lha, beritane wisa dadi berita internasional. Kabeh kantor berita ning dunia pada mberitakna kasus kuwe. Dadi, sandal jepit kuwe dadi isu nasional lan internasional. Bisa bae akeh wong sing pada wedi nganggo sandal jepit. Akeh sing pada milih aman, kaya wong tani sing ning desa-desa, ora pada nganggo sandal jepit. Dari pada repot, apa maning ngko dituduh nyolong, lebih baik nyeker bae. Toli jarena luwih sehat oh, ari mlaku nyeker. Bisa ngilangnya rematik, pegal-pegel, memperlancar aliran peredaran darah, lan ngilangna penyakit liyane.
Dudu moni ora kuat tuku sandal jepit, tapi karena wedi. Dadine saiki ning toko-toko, sandal jepit saiki wisa radan ora payu. Soale sejak kasus kuwe muncul ning berita, akeh sms yang sing mlebu. Jare kudu ati-ati angger nganggo sandal jepit, mbokan melu kegawa sidang. Akhire wong pada wedi oh...
I loken, gara-gara sandal jepit sing ora payu be bisa dadir esesi ekonomi dunia? Kayong ngada-ngada, terlalu berlebihan. Memang berlebihan, kaya berlebihane sing nyidangnya kasus kuwe. Apa maning sing dituduhna karo sandal sing dadi bukti, ora pada, kan angel secara logika. Mbuh kuwe, logikane nang endi. Apa otake pada bae karo sandal jepit sing wis butut mau, dadine masalah kaya kuwi digawa-gawa ning sidang.
Wis kaya kuwe, ora nganggo UU sing pas oh, kan ana UU perlindungan anak, sing salah sijine, angger ana bocah sing terkena proses hukum, kudu ana perbedaan. Perbedaan anggone nangani masalah kuwe. Jarena negara hukum nang kudune hukum kuwe sing sesuai karo keadilan dengan masyarakat. Apa maning kasus hukume sepele. Kayong pada bae karo sandal jepit sing dipersoalna. Dih lah, kaya kuwe nemen.
Loken hukum pan didadekna sandal jepit? Mukur diidek-idek tok? Sing diidek-idek sandal jepit sing butut pisan, kayong ggawe ngelus dada tok. Kudu akeh istighfare, kudu akeh sabare. Soale pancen dunia kiye wis kaya sandal jepit. Wis butut, diidek-idek pisan, angger jepite pedot yang nggari mbuang tok. Loken hukum ning Indonesia pan kaya kuwe, mung nggo ngurusi sandal jepit tok?
Angger wis kaya kuwe, bisa-bisa sandal jepit bisa ora payu temenanan. Saben wong ning dunia, bisa ora pada nganggo sandal jepit. pada wedi, luwih apik nyeker pisan. Toli barang ana kasus kiye, wong-wong pada, ora pengin hukum kye diidek-idek kaya sandal jepit. Hukum kuwe kudu dijunjung, dicekel sing apik, sing bener. Kaya aparat sing nyekel pistol, ora kena nggo dolanan, apamaning nggo nembak sing ora jelas. Luwih-luwih nggo nembak sing nukokna. Kayong ora bener kuweh...
Ya wis, muga-muga bae sing dadi kekuatirane enyong ora kedaden. Wong ora wedi nganggo sandal jepit. Ora usah kuatir hukum kuwe diidek-idek kaya sandal jepit. Ora ana maning wong nganggo sandal jepit disidang. Wong sidange dewek be ora olih nganggo sandal jepit, apa maning hakime lan jaksane. Yuh, pada ngango sandal jepit sing bener, aja sing olih ngembat, apa maning sing olih nyolong. Wing regane murah ikih... Angger ora duwe duit, ya nyeker ya ora papa. Mumpung ora dilarang. (*)

Komentar

Postingan Populer