Nyong Nyalon Olih?

KPU Kabupaten Brebes jare wis mbuka pendaftaran nggo bakal calon bupati dan wakil bupati. Antarane tanggal 5 sampai tanggal 11 Juli 2012, berarti dina Jumat kiye mulai buka. Angger nyong pan ndaftar olih ora yah..? Soale nganti saiki, durung ana sing resmi deklarasi dadi pasangan calon bupati dan wakil bupati. Calon independen ya laka, waktu pengumuman calon independen, istilahe KPU jare calon perseorangan, waktu kuwe langka sing ndaftar. Dadine pas pendaftaran kiye, dipastikna calon independen ora ana alias langka. 
Pasangan Idza karo Narjo, sing jare wis olih rekomendasi DPP PDIP, esih dioyak-oyak bae. Ana sing setuju, ana sing ora setuju. Malah ana gegeran bagi-bagi duit, jare eben pasangan Idza-Narjo kuwe pedot, diganti liyane bae. Masa pasangane PDIP karo wong PDIP, pan menang sing endi? Kuwe jare sing ora setuju pasangan Idjo. Angger pengin menang, kudu nggandeng wong liya partai, dadine bisa koalisi. Aja PDIP dewekan, kayong sombong nemen, kadiran dadi pemenang pemilu apa yah?
Sing setuju, pasangan Idjo jare kuwe harga mati. Narjo kuwe wong PDIP asli, anger Idza tah mung andon mlaku tok. Kuwe jare sing setuju pasangan Idjo. Dadi kudune wakile tetap wong PDIP asli. Soale apa, mbokan ana apa-apa, wakile dudu PDIP, mengkone PDIP sebagai partai pemenang ora diurusi. Wis kaya kuwe, wong PDIP kuwe jare solid, biar pun gepeng, tetep banteng. Kuwe slogane sing dicekel kader-kader PDIP, mbuh tuwa, mbuh nom, angger PDIP yang dipilih dewek.
Kuwe tah dudu urusane nyong, soale nyong dudu wong partai politik. Bisane mung ndeleng lan ngamati tok. Apa maning jare rekomendasi kuwe kebijakan partai, khususe DPP PDIP. Dadine apa karepe DPP yang kudu dituruti. Sing ora nurut ya mana, karepe dewek. Kuwe keputusan partai. Wong liya ora usah macel-macel ngurusi internal partaine wong, urusane PDIP.
Terus kiyeh, Agung Widyantoro, sing jare pan nggandeng Athoillah, ya nganti saiki durung deklarasi. Mbuh kapan deklarasine. Sementara kiye, Agung wis didukung papat partai, ana Golkar, PPP, PAN, lan Hanura. Jare engko ngger wis masa pendaftaran, deklarasi terus ngko langsung ndaftar. Agung kuwe Ketua DPD Partai Golkar, sing saiki dadi bupati. Sementara Athoillah kuwe Ketua PCNU Kabupaten Brebes, juga sekaligus kepala BKD Brebes.
Ana sing ngomong, pasangan Agung-Atho kuwe pada-pada sing Golkar. Angger Agung tah jelas kader Partai Golkar. Atho ya mbien pernah dadi anggota DPRD Brebes sing Golkar. Barang reformasi, PNS ora olih dadi anggota partai politik, dadine Athoillah mundur sing Golkar, milih karir ning PNS nganti saiki.
Lha, partai liyane sih pada maring endi? Mbuh kuwe, jare tah nggawe poros tengah. Pan ngusung liyane Idza karo Agung, istilahe calon alternatif. Tapi nganti saiki durung jelas, calon alternatipe sapa? Ana kabar bakal ngusung Letkol Arie karo Supriyono, tapi nganti saiki durung jelas, malah ana sing ngomong wis bubar, ora nggenah. Mbuh ora nggenah wonge, mbuh ora nggenah duite, mbuh sing ora nggenah poros tengahe. Wong arane be politik, ana transaksi politik belih? Politik tanpa transaksi, arane politik compong! Sih bisane, ya bisa bae lah... he.. he... (kudu sinau ilmu politik maning).
Terus kyeh, senggane nyong nyalon bupati olih ora yah? Nyalon bupati, kayong ngimpi apa yah... Gableg apa donge?  Wong sing pinter nemen, duite akeh be langka sing minat dadi calon kah... apa maning nyong. Aja ngimpi lah, termasuk rika pada, sing ora duwe apa-apa. Angger nyong tah.. esih mending, sering manjing koran, rika nang jarang oh... malah ndean ora tahu babar pisan... (he... he... aji mumpung). Toli wis kliwat oh... pendaftaran calon bupati dan wakil bupati wis ditutup. Sing esih buka kae, PPDB, pendaftaran peserta didik baru. Sing pengin sekola, mana pada sekola maning sing duwur. Eben IPM Brebes tambah munggah. Aja ngisin-ngisini, gembor-gembor IPM rendah, deweke be ora sekola. Kudu dadi contoh oh... pan nyalon bupati, ijasahe pas-pasan, sing penting memenuhi sarat. Tapi mending bae ding, sing penting aja palsu! Ari kuwe tah kebangeten. (*)

Komentar

Postingan Populer