Mudik Yuh...

Sedelat maning Bada kyeh... Sapa bae sing pan mudik? Kudu dipersiapna kabeh keperluane. Aja nganti ana sing ketinggalan... Kendaraane dicek kabeh, aja nganti ana sing aus... apa maning reme blong. Bisa bahaya, nyebabna kecelakaan. Mangkane kudu dicek kabeh, angger ora bisa ya maring bengkel sing perek. 
Toli kae oh... oleh-olehe, aja ketinggalan. Nggo sedulur sing nang kampung. Mbuh rengginang, mbuh sagon, sing penting ana oleh-olehe sing digawa balik, nggo nyenengna sedulur kabeh. Eits... kae ank-bojone, loken pan klalen, ditinggal bae, aja kebangeten, anak-bojo pan ditinggal. Luruhe angel kah... 
Kyeh sing penting, selama perjalanan sing ati-ati. Apa maning sing nganggo motor, aja srugal-srugul. Wong sing mudik kuwe dudu rika tok, tapi ewunan wong, bahkan jutanan. Dadi kudu sabar, antri, trus nurut rambu-rambu lalu lintas, sing wis digawe. Aja maen trosol, nglanggar lalu lintas, ditilang lah... 
Kuwe sekelumit persiapane wong sing pan mudik Lebaran. Dih... kayong repot nemen yah, wong sing pan mudik. Wong saben taun ya ana Bada. Wis dalane sesek, gawakane ya akeh, ribet anak-bojo, repot-repote mudik... wong ning Arab be laka sing mudik kah... mung ning Indonesia tok, angger pan Bada ribut mudik! Sampe-sampe presiden be turun tangan, sidak langsung ning tempat-tempat sing pan dinggo mudik, kayak terminal, pelabuhan lan dalan-dalan sing pan dilalui. 
Menterine ya melu sibuk, mantau harga sembako, nyiapna dalan sing pan nggo mudik, cek kesehatan, perlengkapan keamanan dan sebagainya. Wis lah, komplit. Pokoke ben wong sing pan mudik kuwe anam dan nyaman. Rika sing ora melu mudik ora usah sewot. Wong sing arane mudik kuwe dudu mung pulang kampung tok... Tapi ana sing luwih utama, ya kuwe silaturahmi. 
Silaturahmi karo keluarga, karo sedulur, karo kanca batir, karo tangga. Malah sing ora kenal mbuh apa, ya disalami sekalian. Kuwe silaturahmi, sing paling ora dilakoni setahun pisan, ya kuwe pas dina Bada. Angger pan balik kampung tok tah.. saben dina be bisa. Tapi mudik kuwe sing utama ya nyambung tali paseduluran. 
Jarene Pak Atmo, budayawan Pantura sing saiki dadi Kabag Humas Pemkab Brebes, tali paseduluran kuwe ora kena sowek. Angger wis sowek, ndondomane maning kangelan. Bisa-bisa soweke malah tambah amba. Dadine pancen sing arane paseduluran kuwe kudu dipelihara temenanan. Salah sijine kuwe ya tradisi mudik, saben pan Bada. 
Sih, bisane saben pan Bada tok? Kayong langka dina maning.... Wong silaturahmi, nyambung paseduluran kan bisa dilakoni kapan bae. Dudu moni kaya kuwe Jon... Dina Bada kuwe dina sing luar biasa. Bada atawa Lebaran alias Idul Fitri, kuwe puncak keberhasilan wong sing wis nglakoni puasa sawulan pol. Sing ora puasa, ya ora olih Badanan. Mung melu nyawang tok... 
Wong puasa sawulan pol, kuwe akeh godaane, akeh halangan lan rintangane. Mangkane Gusti Allah sing pan maringi ganjaran langsung. Sapa wonge sing bisa nglewati puasa ning wulan Ramadan, bakal dadi suci maning, kaya bocah bayi. Mulane diarani dina Idul Fitri. 
Lha, ben kesucian Idul Fitri kuwe tetep terjaga, salah sijine cara ya kuwe, silaturahmi karo njaluk pangapura lan ngapura. Maaf-maafan.... Mugane, senajan adoh, nang luar kota, kuwe sengaja balik pan njaluk maaf karo sedulur, karo tangga, karo kanca batir. Kuwe karena pentinge tali silaturahmi. 
Dadi adoh-adoh, ya sengaja diuja ben bisa balik. Istilahe wong Jakarta kuwe mudik... Mudik balik kampung. Tapi sing kudu dieling-eling, kye angger ora bisa mudik ya ora usah dipaksa-paksa. Apa maning angger ekonomi pas-pasan, kendaraane langka. Ora usah maksa-maksa, loken Bada ora mudik. Sing langka dianak-anakna, sing biasa diluarbiasakna. Klambi ya kudu anyar, sepatune anyar, pokoke serba anyar. Kuwe sing ora bener. Badanan ora mesti kudu anyar kabeh. 
Sing kudu anyar kuwe atine, perilakune, eben tetap suci, kaya pas Idul Fitri. Wong njaluk pangapura saiki luwih gampang, bisa lewat telpon atawa SMS. Ora mesti kudu mudik. Sing penting saiki, priben ben puasane rampung sawulan, lan Badane ya bisa mbayar zakat fitrah. (*)

Komentar

Postingan Populer