Maap-Maapan

Oleh: M Riza Pahlevi Dina wingi nembe bae bada, mbuh sing dina Slasa, mbuh sing dina Rebo. Kabeh wis pada pangapura-pangapuranan, maap-maapan, ana maning sing moni wis nol-nol. Maap-maapan kuwe sebagai penyempurna Idul Fitri, dina sing dadi pungkasane puasa. Artine ya wis pada ngarti kabeh lah, wong saben khutbah Idul Fitri mesti membahas masalah kuwe, dadi enyong ora usah mbahas. Balik maning maring maap-maapan, enyong ya njaluk maape juga. Kabeh kru Radar Tegal, khususe kru Ponggol Setan pada njaluk maap juga. Mbokan selama nggawe berita, mbuh ponggol akeh sing kena slentik, tur ndandekna jengkel. Mbokan ana sing kesinggung, sing disengaja mbuh ora disengaja, ya njaluk dipangapura. Wong arane menusa, ya akeh salahe, akeh klalene. Sedulur kabeh, ikhlas ngapurane oh ya. Semono uga enyong, ya wis pada ngapura penjenengan kabeh. Sing duwe salah mbuh ora duwe salah, wis tak pangapura kabeh... Sabenere, tujuane maap-maapan kuwe dudu mumpung bada tok. Tapi luwih sing semono. Bahwa pancen menusa kuwe tempat salah, tempate klalen, tapi ora kudu salah lan klalen terus. Gusti Allah jug Maha Pemaaf, tapi dudu karena Gusti Allah kuwe Maha Pemaaf latane gawe dosa terus. Ora kaya kuwe oh ya... Sing luwih penting dari tradisi maap-maapan kuwe, priben carane ben aja nglakoni kesalahan atau klalenen terus, sing bisa ndadekna wong jengkel, tersinggung, ora seneng lan lia-liane. Apa maning disenagja, wong sing ora disengaja be kadang bisa gawe salah, gawe wong jengkel, gawe wong ngamuk, gawe wong musuhan. Kuweh... mulane dadi wong kuwe aja sombong, ngaku ora duwe dosa, ora duwe salah maring wong lia. Mesti bae ana salah, senajan kuwe ora disengaja, mulane saben wong kuwe kudu njaluk maap. Toli kaya kiye sedulur, wong njaluk maap kuwe ora mesti kudu nunggu bada. Engko lah, angger bada bae, mesti ngapurane. Kesuwen temen.... mati sadurunge bada priben, nang dosane akeh nemen oh... mangkane salah lan dosane ora mung nang wong siji tok oh, tapi puluhan. Mulane kuwe, begitu sadar nglakone kesalahan, ngaku dosa, ya langsung njaluk maap, maring wong sing dilelara. Aja ngenteni bada, salah lan dosane tambah akeh kaya gunung, dadi malah orang ngaku duwe salah dan dosa. Kuwe dosa maring sesama menusa, durung dosa maring Sing Gawe Urip. Mulane, para ustadz, kyai, selalu ngelingna, kudu selalu istighfar maring Gusti Allah. Njaluk pangapura maring Gusti Allah. Kanjeng Nabi Muhammad, wong sing ora duwe dosa be selalu istighfar. Apa maning enyong pada, mestine kudu luwih sing akeh njaluk pangapurane. Insya Allah Gusti Allah pan ngapura. Persoalane, angger njaluk pangapura maring wong, durung tentu dipangapura. Malah ana istilah sing populer, tiada maaf bagimu. Kayong medene temen yah... Mangkane, pangapurane wong sing dilelara kuwe penting. Ben bisa dipangapura daning Gusti Allah, salah siji syarate kuwe wong sing dilelara wis ngapura. Angger wis pirang-pirang njaluk maap, terus ora dimaap-maapna, kuwe angel maning pisan. Soale perintahe Kanjeng Nabi kuwe orang mung njaluk maap tok, tapi juga bisa kudu maapna. Dadi pancen penting kabeh, antara njaluk maap karo maapna, saling maap-maapan lah gampangane. Tapi aja nggampangna, maap-maapan kuwe. Kadiran wis dimaapna, terus sakepenake dewek. Ora kena kaya kuwe, kudu tetap berperilaku sing ora gawe wong lara, jengkel. Primen carane eben gawe wong seneng, bahagia, ora ana musuh-musuhan, apa maning tawuran. Toli aja gara-gara beda dina bada be dadi ribut. Sih artine Idul Fitri nang endi? Wong arane maap-maapan kuwe, berarti saling pengertian, saling memahami perbedaan. Ora usah maksa-maksa. Wong njaluk maap ya ora kena dipaksa-paksa, begitu juga maapna, ya ora bisa dipaksa-paksa. Maap-maapan kuwe kudu sing ikhlas, sing hati nurani paling dalam, paling jero. Ya wis, sepisan maning, selagi bada, njaluk maape nggo kabeh sedulur. Maap ya... (*)

Komentar

Postingan Populer