Awas Bokong, Eh Kobong

Sing arane cuaca, musim kiye ora bisa diprediksi. Kapan wayahe udan, kapan wayahe ketiga, ora bisa dipastikena. Senajan wis ana ancer-ancere, wulan kiye musim rendeng, wulan kiye musim ketiga. Contone tahun wingi, jare wis wayahe ketiga, eh esih tetap ana udan. Malah udane nganti sepanjang tahun. Akibate, akeh tanduran sing pada rusak, ora panen. Tahun kiye, pancen wayahe ketiga ya ketiga. Ora ana udan babar blas. Pa maning wayahe pas puasa, akeh sing ngresula, jarene panase pol. Ya wong keiga nang panas, kayong ora tau ngranapi hawane ketiga. Panas ya wis biasa oh... Biasane, musim ketiga kuwe akeh blai sing teka. Ana sing kekeringan, golet banyu angel. Apa-apa pada garing, wong tani kangelan olih banyu. Ditambah maning hawa udara sing panas, gampang kena penyakit. Toli kiye sing kudu diwaspadai masane ketiga. Ya kuwe bokong... eh kobong, alias kebakaran. Wis wayahe panas, laka banyu. Kabeh pada garing, dadine kena geni setitik be bisa langsung njalar kabeh, kobongan kabeh. Senajan kobongan kuwe ora mung wayah ketiga tok, wayah musim rendeng ya bisa bae kobongan. tapi ya kuwe, angger wayahe ketiga, resikone luwih gede. Sih bisane? Kyeh, rika sing sering nonton berita ning tivi atawa maca koran Radar Tegal, kayong saben dina ana berita kobongan oh ya. Ana umah kobonga, ora mung siji tok, tapi nganti puluhan umah. Terus ana mning berita pasar kebakaran, puluhan kios ludes kobongan. Toli kae, ning Sumatera, hutan yang kobongan, nganti ana kabut asap sing ngrusak kesehatan. Dudu mung bangunan sing kobongan, penghunine yang ada sing dadi korban kobong, mbuh bokonge mbuapa. Malah ana sing nagti mati. Kuwe tandane yen masa ketiga uwe luwih rawan anane kobongan. Penyebabe pirang-pirang, ana sing karena koslet listrik, ana sing karena lilin, ana sing karena gas njepluk, ana maning gara-gara sepele, mbuang putung rokok sembarangan. Ana maning sing disengaja, sengaja mbakar ben kobongan. Kiye tah pancen wong jahat beneran. Mangkane, kabeh kudu waspada maring bokong... eh kobong. Kayong kelalen bae kyeh. Bokong karo kobong, kuwe pancen tipis bedane, mangkane kudu ati-ati. Kiye peringatan nggo sing tukang ngerokok. Aja mung krasa kepenek dewek tok, pal-pul, udad-udud, nyedoti kebul. Kuwe hake rika kabeh sing doyan udud. Tapi kuwe, putunge atawa tegesane, aja sembarangan mbuange. Apa maning sagletak-gletake olih ndalah udud. Bisa berabe... Akeh kobongan sing disebabena daning mbuat tegesan sembarangan. Katone tah sepele, tapi akibate berpele-pele, ora karuan maksude. Contone bae, rika sing doyan udud semabarangan, angger mbuang udud nang ilalang, sing pada garing karena kekeringan, pasti bisa kobong. Angger sekedar ilalng tok tah ndean ora papa. Tapi angger ilalang kuwe nang pinggir alas, pinggir hutan sing juga pada garing godonge, ya alase melu kobong oh. Toli angger ilalng ana ning pinggire umah, ya umahe bisa melu kobong. Toli kiye ya kudu waspada, angger ana wong sing weruh kobongan. Kudu sing bener, aja mung gemboran bokong-bokong tok, ya laka sing marek oh. Wong bokong digembor-gemborna, sing bener nang kobong oh... Aja klalen, cepet dipateni nganggo banyu. Angger wis gede, ya ngundang pemadam kebakaran. Kabeh kudu waspada, cepet bertindak mateni kobongan sing ana ning lingkungane. Tulung, nggo petugas pemadam kebakaran. Aja turu bae, apa maning pos ditinggal kosong. Mbokan ana telpon langka sing ngangkat, akibate kobong ora bisa dipateni sampe entek dewek. Kuwe tulung petugas damkar, dadine musibah kobong kuwe ora menjalar mana-mana. Nyong ora maido, tapi pancen tugase damakr kuwe pancen berat. Mangkane kudu sing taat, selalu siap siaga. Apa maning kiye pancen lagi musime ketiga, sing rawan terjadine kebakaran alias kobong. Mangkane, sepisan maning awas bokong, eh kobong! (*)

Komentar

Postingan Populer