Dadi Tim Sukses

Oleh: M Riza Pahlevi

Angger ana pemilihan ketua atau kepala, mesti ana tim sukses. Tujuane ya eben sing digadang-gadang sukses, sukses dadi ketua atau kepala. Dadi kepala, dudu kelapa yah... Mbuh kuwe kepala dosa, eh kepala desa, mbuh kepala daerah, mbuh kepalanya kepala. Angger ketua, ya ana sing dadi ketua DPC, ketua DPD, ana juga sing dadi ketuane ketua. Kuwe tugase tim sukses, ben sukses.
Lha, angger ora sukses sih priben? Kuwe berarti tim suksese ora berhasil, alias ora sukses. Tapi angger tim sukses ora sukses kuwe aneh. Lha wong arane sukses kah... ora sukses, arane tim tim gagal bae wis. Bonggan gagal, ya diarane tim gagal bae. Tapi kuwe arane usaha, mbokan sukses, bisa melu-melu sukses kaya bose. Angger gagal, ya ditinggal, luruh sing sukses.
Memang bener, tim sukses kue durung tentu sukses. Soale, tujuan utamane tim sukses, kue dudu nyuksesna wong liya, tapi justru nyuksesna awake dewek. Pertama sukses dadi tim suksese wong liya, kedua sukses oleh kerjaan, ketiga sukses ngakali wong liya, keempat sukses adang wonge sukses mbuh ora sukses. Kae sing digadang-gadang sukses mbuh ora sukses, sing penting awake dewek sukses dadi tim sukses. Kaya tah kaya kuwe ndean, prinsipe tim sukses sing kadang sukses, kadang ora sukses.
Tapi, angger calon ketua mbuh calon kepala ora nduwe tim sukses, ya kangelan suksese. Pan sukses priben, wong laka sing ngrewangi kerja. Mbuh provokasi, mbuh gawe selebaran, mbuh gawe isu, mbuh ngejak-ngejak wong, apa mbuh apa lah pokoke tugase tim sukses. Mangkane, tim sukses kuwe diperlukna, engkone sukses atawa orang, tah engko tergantung kerjane. Artine, tim sukses kuwe kerjane bener-bener apa belih, aja-aja mung nggo kesuksesane dewek tok.
Malah sing bahaya, angger ana wong dadi tim suksese A, tapi ternyata dadi tim suksese B juga, alias dadi tim sukses wong loro sing lagi rebutan jabatan. Kuwe arane agen ganda. Toli loken ana? Ya ndean ana lah, wong arane be politik, kabeh bisa terjadi. Malah orang mung agen ganda tok, ana sing dadi gen pirang-pirang, kaya agen koran ndean, ngadol koran A, koran B, tabloid A, tabloid B, bahkan kadang ora ana sing didol. Kuwe sing dadi persoalan, wong agen koran kah ora dodolan koran, malah dodolane rujak, repot oh.
Kae jare ana sing wis deklarasi ndisiti. Dadine Kang Diun, melu-melu ndeklarasikna dadi tim sukses 2012. Bar deklarasi, jarene hp-ne moni terus. Krang... kring... terus, sijine tah sing moni hp, tapi sijine maning sing moni jam wekere. Padahal sing pan disuksesna durung ana, tapi deweke wis deklarasi. Toli priben kuwe? Yah, apa karepe Kang Diun lah, arane be tim sukses, tim sing sukses deklarasi ndisit. He.. he...
Eh, ngomong-ngomong 2012 ana apa sih, bisne wis akeh sing deklarasi dadi tim sukses? Kayong eram enyong. Wong 2011 be esih suswe, kah wis ngomong-ngomong 2012. Kayong belih ngarti kiyeh enyong... (apen-apene ding, wong kabeh ya wis pada ngarti, termasuk Kang Diun mau).
Saiki tah jamane demokrasi, sapa bae berhak dadi calon kepala mbuh calon ketua. Toli masing-masing kuwe ya berhak nggawe tim sukses, eben bareng-bareng sukses. Angger bisa tah sukses dunia-akherat, kayong anggel yah... dunia-akherat. Wong sukses dunia be kangelan, pan melu-melu nggawa akherat sisan, kayong kewanen nemen. Dewek be durung tentu sukses ning dunia, pan ngejak sukses ning akherat pisan. (kiye ora ngomongi Kang Diun, soale Kang Diun tah wis sukses dunia-akherat... he..he..).
Ngomong-ngomong sukses, enyong wis sukses apa durung yah, apa perlu nggawe tim sukses. Apa dadi tim sukses ndisit, engko eben sukses. Angger wis sukses, ngko melu-melu gawe tim sukses, ngangkat wong liya ben sukses. Kudu kaya kuwe apa kepriben? Ya wis lah, dipikir ndingin. Moga-moga sing pengin sukses pada sukses, sing dadi tim sukses yang melu sukses kaya sing disuksesna. Angger suksesi, kuwe sih apa maning? Mbuh lah, kayong tambah mblabrah... (*)

Komentar

Postingan Populer