Gagal Maning

Indonesia dikatakan sebagai negara gagal. Mbuh kuwe, negara gagal apa maning. Kayong akeh gagale. Apa karena saking akehe gagal ning segala bidang, dadine sisan bae disebut negara gagal. Soale apa-apa serba gagal, kuwe jare koran, jare berita. Ndean tah ya ana sing berhasil, mung luwih secuil, akeh gagale.
Pemerintah Indonesia ya jelas ora gelem oh, dikatakan negara gagal. Wong ekonomine bae berhasil pertumbuhane mencapai 6,3 persen. Sih gagal sing nedi? Kayong ngarang ndean kuwe sing survei, dikoclok tok, asale sing metu sapa, ya kuwe sing gagal. Malah ana sing nyebut, angger gagal berarti diujung tanduk. Siap-siap bae diganti pemerintahane, paling ora, aja diterusna. Kuwe tah urusane politik, wong sing ngomong ya wong politik.
Bar dikatakan gagal, terus pan priben maning. Meneng bae atau menyangkal hasil survei tersebut. Angger sing politike mung pencintraan, ya langsung bae menyangkal disebut sebagai negara gagal. Ora lila diarani negara gagal, negara sing ora berhasil, blampak empus lah pokoke kuwe sing gawe survei. Jarene indikatore ora jelas, gara-gara satu masalah bae, loken dikatakan gagal kabeh. Kayong kadiran bisa nyurve apa yah... sembarang menilai negara disebut negara gagal.
Kabeh wong ndean didakwa gagal ya ndean isin, ora ngakoni. Soale angger gagal, berarti ana sing ora beres. Angger sing isn, ora ngakoni, sih kudune dikapakna yah? Genah be dikirtik kah ora gelem. Mestine, angger ana penilaiain kaya kuwe, ya kudu introspeksi, kudu mawas diri. Aja kakean cangkem nggo mbantah. Instrospeksi, endi bae sing gagal, mawas diri, eben bisa slamet, ora gagal maning. Ndean kaya kuwe yah...?
Aja maning negara, kaya Indonesia sing penduduke luwih sing 200 juta, sing penduduke 2 juta be ndean angel. Ora usah akeh-akeh, sing penduduke 200 sewu be akeh gagale. Aja kadiran, aja gagahan, nembe berhasil siji bidang tok be lantas sombong, takabur. Padahal angger dipetani, ndean ya luwih akeh gagale. Mung biasane, angger gagal kuwe mesti diumpetna. Tapi angger berhasil tah langsung disiar-siarna. Malah ana sing nyiarna ning saben musholla lan masjid. Dadi saben wong bisa kurungu, bahwa daerahe kuwe berhasil.
Wis, pokoke angger ana sing ngomong gagal, rungokna bae. Gagale kuwe ning endi, terus ditindaklanjuti maning. Eben sing diarani gagal kuwe bisa berhasil. Ora usah nyangkal, sing penting jare Dahlan Iskan kuwe kerja, kerja, kerja. Kerja terus, aja liren, nang ngko lemes oh... Ya ora kaya kuwe. Sing penting kerja, ora usah ngurusi lia-liane, apa maning ngurusi politik. Soale angger ngurusi politik, ora ana pol-pole, terus selalu dikilikitik daning lawan-lawane. Arane be politik, ya mesti kaya kuwe.
Angger ora gelem dikilitik, ya aja mlebu politik. Soala politik kuwe, tujuane pol, hasile setitik.
Kerja sing bener, ben hasil. Ora usah mikiri liane, wong ana sing nilai dewek-dewek. Angger karyawan, yang sing nilai atasane. Angger pejabat mbuh wakil rakyat, ya sing nilai rakyate. Angger dinilai gagal, karyawan mau ora bakala diangkat maning, ora diunggahna gajie. Toli, angger negara gagal, ya gampang, pemimpine aja dipilih maning. Wakile rakyate, sing bisane mung ngomong tok, ya aja dipilih sisan. Ben tuman.
Nacak, dewek angger kerja kaya kae, bisa belih. Aja mung ngomong, kae tah gagal oh... Sementara indikatore laka, ora jelas. Ibarat bocah sekolah, angger gagal, berarti ora munggah atawa ora lulus. Indikatore jelas, nilai UN jeblok, tidak sesuai syarat minimal sing ditentukna. Semono uga, sing munggah atawa lulus. Bisa dikatakan lulus, angger bisa meraih nilai minimal. Sing nialaine duwur-duwur, ya berarti pinter dan berhasil, bukan gagal.
Wis, saiki kepriben eben aja gagal maning. Soale angger bolak-balik diarani gagal terus, ya isin oh. Apa maning angger laka perubahan, apa maning turun, nang kayong isine ora ketulungan. Wis, siap-siap mulai saiki, mbuh sapa bae, ben berhasil, ora gagal. (*)

Komentar

Postingan Populer