Jare Sapa Luwih Apik?

Oleh: M Riza Pahlevi

Hasil survei Indobarometer, ngomong bahwa pemerintahan Orde Baru, sing presidene Soeharto jare luwih apik tinimbang saiki. Tapi ora jelas sing disurvei kuwe sapa, tuli tujuane apa. Kayong ana-ana bae tah, kayong ora ngrasaknya jaman susahe waktu Orde Baru.
Dudu enyong tok sing protes, akeh sing protes hasil surveine kuwe. Parametere apa, terus bisane dianakena survei, dibandingna karo saiki. Angger parametere ekonomi tok, ya ana benere, tapi ora bener satus persen. Loken pan mbandingna rega beras saiki karo jaman Orde Baru, ya mesti beda. Tuli pan madakna rega bensin karo saiki, ya mesti larang saiki.
Saiki jarene ora aman, jaman Orde Baru kuwe aman. Ora ana teroris-terorisan, langka demo-demoan. Apa-apa pokoke serba terkendali. Rakyate jare sejahtera, luruh pangan gampang, sega ya murah, barang saiki larang nemen. Luruh kerjaan ya susah, sekola ya murah. Pokoke serba murah. Pejabate ya diwedeni, laka sing wani protes, apa maning demo. Wis, pokoke aman, tentrem, kerta raharja. Kuwe jarena pendukung Orde Baru.
Sampean pada, sing pernah ngranapi susahe Orde Baru, mesti protes karo surveine Indobarometer. Ora mung protes tok, jengkel, juwet lan grememet ndean. Wong jaman Soeharto, sing pemerintahane otoriter, sa karepe dewek kah diomongi kah diomongi paling apik. Coba, angger saiki esih jaman Orde Baru, ora mungkin ana survei-surveian kaya kuwe. Toli angger esih jaman Orde Baru, dianakna survei, ya mesti hasile Orde Baru mesti ora apik.
Angger apik lan berhasil, ora disengit daning rakyat, orang mungkin Soeharto mudun, lengser keprabon. Ora mungkin gedung MPR/DPR, sing jare pan dibangun maning kuwe diduduki mahasiswa. Ora mungkin berita sing ngelek-ngelekna pemerintah bisa dimuat. Enyong ya ora mungkin bisa protes kaya kiye, engko koran dibredel. Kuwe jaman Orde Baru, sing sampean pada bisa nglakukna saiki, ora mungkin dilakone pada jaman Orde Baru.
Ora mungkin ana parte, sing beas milih. Kudune milih parte kuning, partene pemrentah. Ana parte pisan, dibatasi, kuwe be ora bebas kaya saiki. Sampean sing pengen ngadaknya kumpulan, gawek organisasi, ora bisa bebas kaya saiki. kabeh kudu ijin aparat. Sing ora nurut, dianggep subversif, melawan negara, melawan pemerintah. Akhire masuk penjara. Kuweh, jaman Orde Baru kaya kuwe.
Kyeh maning, jare Orde baru sejahtera. Sejahtera kepriben, wong apa-apa diatur negara. Kesejahteraane semu, mung apen-apen tok. Buktine barang kisis, ekonomine ambruk. Rakyate pada susah, bingung rega pada mundak kabeh. Kuwe sebabe pemerintahan Soeharto, sing sekarepe dewek tok. Apa-apa utang sing luar negeri, apa-apa disubsisdi kabeh, dadine seolah-olah barang murah, padahal asline larang. Barang puncake, ya ambruk. Kuwe Orde Baru.
Kiyeh, diperhatikna. Jaman Orde Baru, langka kebebasan pers. Rika sing senenge ngresula kaya nang Radar, ora mungkin dimuat. Radare ya bisa dibredel, ora olih terbit, wong akehe mung ngritiki pemerintah. Korupsi laka, jare sapa? Rika bae sing ora ngerti, soale ora kaya saiki, wong korupsi pada dibongkar, diberitakna nang koran. Jaman Orde Baru, korupsine pada bae, cuma ora diberitakna, dadine jarene langka. Saiki sapa bae sing korupsi, mesti diberitakna. Wong saiki wis ana kebebasan pers. Pes kiye salah sijine elemen demokrasi, sing ngawal demokrasi.
Sih saiki luwih apik? Ya durung tentu. Wong esih akeh sing korupsi, pembangunan durung tata. Apa-apa esih akeh sing semrawut. Tapi ora kena ngileng mburi, apa maning mbandingna karo jaman sadurunge, sing jarene luwih apik. Angger jaman penjajahan Landa dianggep luwih apik maning, apa ora kemplu kuwe wonge sing gawe survei.
Wis, saiki sing penting bahwa reformasi kuwe salah sijining cara, eben keadaan eben luwih apik. Apa-apa sing ora apik dibeneri, sing salah dihukum, sing bener didukung. Ora usah mbanding-bandingna. Kuwe tah ulahe wong-wong tertentu, sing pengin olih simpati, eben pas pemilu 2014 olih pemilih, ben bisa berkuasa, dadi wakil rakyat. Ora usah eram rika pada, kuwe ana kepentingan politik. Dadi, sing jengkel aja kejengkelen, sing ora seneng aja kebangeten, sing seneng ya aja kesenengen.
Wong kuwe be arane survei, mung sing ditakoni perwakilan tok, ora kabeh. Buktine ya engko, dong pemilu 2014. Sapa sing esih seneng karo Orde Baru, ya milih parte sing ngidolakena Orde Baru. Sing ora seneng, ya bebas milih sapa. Wong saki wis jamane reformasi, jaman kemerdekaan berskspresi, termasuk mengeluarkan pendapat, kaya survei mau. Wis, sing penting kudu nata masa depan, eben luwih apik, luwih apik sing Orde Baru, luwih apik sing saki. (*)

Komentar

Postingan Populer