Mangkane Aja Korupsi

Oleh: M Riza Pahlevi

Wong mlebu penjara kuwe pirang-pirang sebabe. Ana sing karena tindak kriminal, ana sing karena korupsi, lan lia-liane. Sapa bae sing nglakoni tindak kriminal mbuh korupsi, bakal mlebu penjara. Wis akeh contone, kae sing nang Cipinang pirang-pirang, mulai sing dadi bupati, gubernur, termasuk anggota DPR.
Tapi ajibe, tetap bae akeh wong sing korupsi, mulai korupsi cilik-cilikan, sampai sing gede-gedean. Jarene, angger korupsi cilik-cilikan kue esih lumrah, wong arane be pegawai, angger ora korupsi, ora cukup nggo mangan sa keluarga. Ih loken? Lha gajiane wis jutaan be esih ora cukup? Terus kae pejabat sing duwur, sing umahe magrong-magrong, mobile keminclong, tetap bae nyolong duite negara sampai miliaran, sih kepriben? Loken nggo mangan be ora cukup, mangane apa dongen?
Angger ana wong sing ngomong korupsi kuwe lumrah, pikirane dalah nang endi dongen? Wong korupsi kah lumrah, lumrahe sing nang endi? Wong duit sing dikorupsi kuwe olih sing rayat, sing saben tahun mbayar pajek. Rayat sing sugih, sing mlarat, kabeh kudu mbayar pajek. Angger wong sugih, mbayar pajek sam mana tah ndean laka artine. Tapi wong mlarat, sing nggo mangan be kangelan, mbayar pajek sa mana yang abot ora karuan, sampe kadang ngutang-ngutang ning tanggani. Toli nggal dina digedag-gedag oh daning pamong, sing ditugasi nariki pajek.
Ee... eeh, bar mbayar pajek kuwe, terus dikorupsi daning pejabat sing badeg, ya jengkel oh. Negara sing merdekane susahe nemen, sampae-sampe nyawane rayat, para pejuang dadi korban, eh barang wis merdeka kaya kiye, para pejabate korupsi, ya keterlaluan nemen. Ora ngajeni pejuang, ora ngormati pahlawan lan rayat sing wis susah-susah ben negarane merdeka. Wong sing kaya kuwe kudune dikapakna dongen? Kayong grememet nemen kyeh...
Jare bapa tuane enyong, sing wis ana ning alam kubur, urip kuwe aja reka-reka. Ari kerja ya sing bener, ora usah macem-macem. Kudu akeh sukure, lan nrima apa bae sing wis diparingi Gusti Alloh. Termasuk kuwe, ari olih amanah, oleh kepercayaan, kudu dijalakna sing bener. Aja pada korupsi tur ngapusi. Angger ora mlebu penjara, mbesuke ning alam kubur bakal disiksa, mlebu neraka. Kuwe terserah, pan percaya apa ora, wong kuwe salah sewiji rukun iman. Angger sing percaya, berarti esih iman Islam.
Malah ana tembangane oh kae, mbesuk mati digawa ngganggo katil, harta benda laka sing ngintil, sing digawa mung amal secuil...
Wong sing bener be kadang dadi ora bener, ora bener jare rayate, jare musuhe. Makane akeh lurah jaman revolusi tiga daerah, akeh sing didombreng daning rayate, dikon mudun sing jabatane. Termasuk camate, bupatine. Terus kae oh, sing anyar, Presiden Mesi Hosni Mubarak, ya didombreng daning rayate. Wong dadi presiden kah suwe neman, nganti 30 tahun, kayong seumur hidup. Apa-apa karepe dewek, sing ora sesuai karo deweke, dicekel, ditangakep, dilebokna penjara. Kuwe arane penguasa tiran, diktator, penguasa sing sakerepe dewek. Angger kaya kuwe, ya pasti ana korupsine. Kiye dudu suudzon, lha wong laka sing ngawasi jalane pemrentahan. Wong sing diawasi be sering kebobolan, pada korupsi.
Mangkane, rika-rika sing dadi pejabat, sing dimein kepercayaan, khususe daning rayat, aja pada korupsi. Kuwe pesene bapa tuane enyong, mbiyen lagi esih urip. Kuwe pan dilaksanakena mbuh ora, karepe rika, wong rika pada wis tua-tua kabeh, nalare ya wis luwih dawa oh, dari pada sing enom. Malah kudune sing enom kiye diwein contoh sing apik-apik, aja sing ora nggenah, apa maning ngajak korupsi. Naudzubillah...
Pengrasane korupsi kuwe enak? Coba takon sing wis tau dipenajara gara-gara korupsi, atawa sing wis tau diperiksa, senajan dadi saksi. Angger ora mriyang, yang kesambet, pada runtag. Malah ana sing kebablasen, ora gelem diperiksa daning polisi atau jaksa, njaluke langsung malekat. Lah, mati sih... dadine sing meriksa malekat oh... Kuwe nembe ditakoni polisi lan jaksa sing meriksa dugaan korupsi. Durung ditakoni malekat, sing ari takon, jarene ustade enyong, kuwe nganggo cambuk, ora ngaku ya langsung dicambuk, digered-gered. Lah, kayong ora tega mbayangakene.
Ya wis lah, kiye tah dudu nggurui, mung ngelingna tok. Muga-muga sing pada eling, aja pada mbeling lan aja pada maling. Sing wis pada mlebu penjara, muga-muga pada jera, aja gawe gara-gara, wong korupsi kepenake sepiraha ora. (*)

Komentar

Postingan Populer