ASI Tetep Paling Top

Oleh: M Riza Pahlevi

Wis pirang-pirang wulan Indonesia digegerna masalah susu. Susu dudu sembarang susu, kiye masalah susu formula atawa susu kaleng. Jarene susu kaleng kuwe ana sing tercemar bakteri, arane enterobacter sakazakii (dibaca: enterobakter sakazaki-ai, kayong angel nemen diwacane). Bakteri kuwe sing angger sampe mlebu nang bayi ndadekna bahaya, bahkan bisa nyebana kematian. Kuweh, sing duwe balita kudu ati-ati, nggawene angel kah...
Sampe saiki, endi-endi bae susu sing kecemar bakteri sakazakii durung diumumna daning pemrentah. Jarena Menkes ngajukna banding karo keputusan MA sing menangna penggugat, eben IPB karo Kemenkes ngumumna produk susu kalengan sing ngandung bakteri kuwe. Mungkin akeh penyebabe, selain persaingan bisnis, mungkin ya malah ndadikna bahwa maring wargane. Ngko wargane langka sing nginung susu formula atawa susu kalengan. Akibate ngko pabrike pada tutup, toli nasib pegawene priben. Kuwe ndean alesane Ibu Menkes.
Akhire nganti saiki durung diumumna. Akeh wong sing pada bingung, loken anake pan ora dinungi susu. Sementara susune dewek (ASI, maksude) wis ora metu. Padahal bocah cilik esih masa pertumbuhan, kudune nang ditambahi susu oh... Malah saiki akeh sing pindah maring susu murni, ana sing nginung susu sapi murni, susu kambing dan susu kedele (sule).
Sing jelas, susu kuwe penting nggo pertumbuhane bocah, khususe sing esih balita. Anane masalah susu sing ngandung bakteri, jare kuwe karena pada waktu produksi, kuwe tercemar. Dadine produsen susu formula, kudu luwih ati-ati maning arine nggawe susu kalengan. Aja sembarangan, kudu sing higienis kabeh.
Kiye, tips sing wis pirang-pirang ditulis, angger pan nggawekna nginung susu bocah. Tentune ya bocah cilik, sing esih balita, dudu bocah tua. Pertama, botle dikumbah sing bener, nganggo sabun, terus dikum ning banyu pans sing mendidih, ben penyakite pada mati. Toli, susune ya nganggo banyu panas, antara 85-100 derajat. Ngetung derajate sing priben, ya dikira-kira bae lah, angger kas nggodok langsung bae dipanasi. Tapi aja langsung dekena bocahe oh, ngko mlodok. Dicampur banyu sing adem ndisit, dadine bisa diiung daning bocah. Kuwe salah sijine tip sing sering diomong-omongna. Dadi ora usah kuatir nemen maring bakteri, sing ora katon. Sing penting priben njaga kebersihane awake dewek.
Lha, sing aman pisan nginungi susu nggo bocah ya kuwe ASI (air susu ibu). Kuwe dijamin aman 100 persen. Kuwe alami nemen, ora ana campuran apa-apa, dijamin orang ngandung bakteri sakazakii. ASI kiye pancen khusus nggo bayi, sing dadi sumber utama gizine. Malah, ana istilah susu eksklusif, ya kuwe nyusuni bayi nganti enem wulan, ora usah ditambahi panganan liya. Ora bakalan kekurangan gizi, ora percaya, takon oh mana maring dokter.
Keluwihan susu ibu kuwe pirang-pirang. Sing pertama jelas kuwe mau, ora ngandung zat kimia, zat pengawet lan lia-liane. Gampang digawene, nggari nyoh tok maring cangkeme bayi, ora usah ngudek-ngudek ndisit. Ora usah dipanasi barang, kaya susu formula. Kapan bae langsung bisa, ora repot.
Kiyeh, jarene ASI kuwe diproduksi karena pengaruh hormon prolactin dan oxytocin (bahasa Brebesane apa mbuh...) sawise bayi lahir. ASI sing pertama metu disebut kolostrum atawa jolong lan ngandung immunoglobulin IgA, sing apik nggo pertahanan tubuh bayi nglawan penyakit.
Tapi priben maning, angger ibune ora bisa nyusuni, ya terpaksa diganti oh nganggo susu formula. Tapi ya kuwe, kudu ngikuti tips sing mau, ben ora tercemar bakteri. Angge rora kaya kuwe ya bisa nganggo susune wong liya, sing gelem oh... Arane ibu persusuan, kaya jamane Kanjeng Nabi Muhammad. Tapi kuwe kudu diperhatikna, anak sing sapersusuan ora kena dikawina.
Kuweh, wis jelas, pancen air susu ibu kuwe tetep sing paling top. ora percaya, takon amring ibu-ibu, bila perlu bapa-bapane ya kena ditakoni. Ben luwih ngandel, ya takon dokter. (*)

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer