Ana Ana Bae

Wis pirang-pirang tahun Kota Tegal gawe ikon Tegal Laka Laka. Cara jawane ilon-ilon ning Jogja, sing ana Jalan Malioborone. Maksude eben dadi pusat tongkrongan karo moci tur ndopok. Lumayan juga, Kota Tegal angger bengi rada urip, ora sepi nyenyet. Akeh wong pada lesehan karo ndopok ning warung-warung sing ana ning Tegal Laka Laka. Apa maning saiki walikotane gawe program Tegal Bisnis, moga-moga bae bisa sukses.
Lha kiye, sing dadi pemikirane tanggane wong Kota Tegal, wong Brebes. Loken Brebes ora duwe ikon sing kaya ning Kota Tegal. Isin oh..., kotane perek, tapi laka sing bisa dibanggakna. Ning Grup nDopok Brebesan, Suparji Rasban ngomong, eh nulis..., jarene ning Kota Tegal ana unen-unen Tegal Laka Laka. Maksude laka sing kaya Tegal, mbuh ning soal apane. Sing jelas tulisane gede nemen ning Jl A. Yani, sing ari bengi akeh warung lesehane. Panganane sabenere ya laka sing khusus/spesial kaya warung-warung lesehan ning Jogja, lah...
Jare Suparji, angger ning Brebes sih kira-kira nganggo kalimat/unen-unen apa? Jare enyong tah dudu mung tulisan atawa unen-unen tok. Kudu ana program sing kaya kuwe, sing jelas, sing bisa dadi ikone Kota Brebes. Dianggep ilon-ilon ya ora papa. Wong tujuane apik, majukna Kota Brebes. Rupane anggota nDopok Brebes pada akeh sing tanggap. Akeh sing usul, ana sing serius, ana sing mung guyon. Arane be sebatas ide ning nDopok Brebesan, aja dianggep serius kabeh.
Rupane ana sing usul, kewalikane Tegal Laka Laka, yaiku Brebes Ana Ana, kuwe usulane Tafsirun Ajah. Terus Ani Irawati usul maning, Brebes Ana Apa Bae. Jeng Woro Farida, ngusulna Brebes Luwih Luwih. Ana maning sing usul karo guyon daning Karyawan Tri Sarjono, Brebes Laka Apa Apa. Ana maning sing usul serius nemen, ya kuwe Brebes Abang Mranang, jare sing ngusulna Subechi Mahdi maksude bawange eben panene akeh, petani bawange pada makmur. Husni Bupati BG, usul Brebes Gemuyu, kaya grupe dewek sing ana ning facebook.
Angger Suparji Rasban tah nambahi usule Tafsirun Ajah, dadi Brebes Ana Ana Bae. Angger kaya kuwe, jare Suparji Rasban mbokan diarani songkrah. Tapi jare enyong, angger Brebes Ana Ana Bae kuwe rada cocok. Pancen kalimat Brebes Ana Ana Bae rada bias, bisa nduwe arti loro. Sing pertama kaya sing disampekna Suparji Rasban, mbokan diarani songkrah. Soale durung ana sing diunggulna, durung ana sing pan didadekna ikon, wis gawe-gawe, ilon-ilon kaya sing ana ning Kota Tegal. Kayong ana-ana bae, mesti akeh sing ngomong kaya kuwe.
Sing kaping pindo, Brebes Ana Ana Bae, bisa diartikna apa bae ana ning Brebes. Tapi angger langsung disebut Brebes Apa Bae Ana, mbokan akeh sing langka, ngoleti kiye langka, nggolet kae langka. Angger Tegal Laka Laka, tah pancen, ora serba ana, arane be laka-laka. Dadine angger ana wong adoh sing teka, ora ngresula. Lha, angger Brebes Apa Bae Ana, terus sing digoleti ternyata langka, bisa diprotes wong akeh kuwe.
Idene Suparji Rasban sing ana-ana bae kiya pancen ide cerdas. Asale tah pancen guyon, tapi bisa dadi ide cerdas sing bisa ditindaklanjuti daning Pemkab Brebes. Kiye kudu dadi pikirane para pejabat, termasuk bupati lan wakil bupati. Priben Brebes duwe ikon kaya kuwe, aja mung ndog asin karo bawange tok. Kudu ana ide-ide kreatif tur cerdas, nggo majukna Kota Brebes.
Ora usah gawe ide sing kakehen reka, ora masuk akal. Sing penting ide kuwe bisa direalisasikan, bisa diwujudna. Dadine sebagai rakyat Brebes, bisa bangga, bisa seneng, bisa pamer maring wong liya. Dadine langka wong sing ngomong, Brebes kah... ana-ana bae. (*)

Komentar

Postingan Populer