Cerita Mudik

Kyeh..., enyong pan cerita mudik, wong saiki lagi ungsum mudik. Soale enyong dewek wis ora tahu mudik. Mudik terakhir tahun 2001, tahun terakhir kuliah nang Surabaya. Ya nggo bagi kenangan bae, ora nana liyane.

Bisane ora tau mudik? Ya soale bojo wong Brebes, umahe ya ning Brebes. Dadi wis ora tau ngrasakena mudik 23 tahun.

Singkat bae, pengalaman mudike enyong tau nganggo bis, nganggo sepur ya tau. Dang nganggo bis, biasane numpak bis patas, kaya Coyo atawa Ezri, sing jurusane Surabaya-Tegal. Angger numpak sepur, ya paling KA Kertajaya apa Gaya Baru Malam, sing bisa mudun ning stasiun Brebes apa Stasiun Tegal.

Pengalaman numpak bis karo numpak sepur pada bae, ana ora kepenake. Ceritane pas pengin numpak bis sing biasa, patas, ternyata tikete wis entek ning agene. Terpaksa maring terminal Bungurasih Surabaya. Terminal paling gede ning Jawa Timur.

Lha kiye, enyong kan jaman semono rambute esih gondorong, sebahu lah kurang luwih. Celanane jeans, sing dengkule suwek. Kiye suwek dewek, saking suwene dinggo, awit jaman kuliah nganti pan rampung. Wong duwe celana jeans siji tok, laka maning.

Kerana rambute enyong gondrong, celanane suwek-suwek, calo-calo bisa laka sing wani nawani blas. Ndarani preman terminal ndean yah. Soale angger penumpang lia, apa maning katon lugu, pasti ditarik-tarik daning calo bis sing ana ning terminal. Soale, pengalaman pertama tekan Surabaya, esih katon lugu, ya tau ditarik-tarik calo. Serba kangelan, angger katon lugu ditarik-tarik, rambut gondrong laka sing nawari bis.

Coba, awit magrib nganti jam sanga bengi, ora keduman bis, penuh terus. Ya akhire ngadeg oh, wong wis bengi, tur kudu balik mudik. Awit Surabaya nganti Rembang, ari ora salah, ngadeg terus. Karo ngantuk, soale kan bengi. Lumayan teol, awake ya pada pegel. Ngadeg sekitar 4 jam. Anjog Semarang, esih jam 3an, ya terpaksa begadang oh ning Terminal Terboyo Semarang nganti byar, soale durung ana bis sing mangkat jam semono.  terus lanjut numpak bis maning jurusan Tegal.

Anjog Tegal, duit pas entek, laka babar blas. Priben carane ben anjog umah? Ya terpaksa numpak becak, toli bayare nang umah, karo kroangan, "Ma, enyong balik, tapi becake durung bayar," kayo kuwe siasate oh... ha..ha...

Toli kyeh, pengalaman numpak sepur Kertajaya. Sing Stasiun Pasarturi Surabaya, sekitar jam 4 sore, anjog Tegal jam 2 esuk. jaman semono, numpak sepur bayare luwih murah daripada numpak bis. cuma kuwe, angger numpak sepur ora nyaman. Kaya ning pasar, wong dodolan pirang-pirang, bolak-balik gerbong. Penumpange ya pada songkrah, ana sing turu ning ngisor kursi, ning selasar kereta, karo nggelar koran. Wis, pokoke orang nyaman, beda karo saiki. Ngliyep sedelat be, kacamata bisa ilang, ampun ah. Tapi dadi marine, mata sing asale plus, dadi normal.

Kyeh pengalaman ora kepenake maning. Angger numpak KA Kertajaya, kan sampai stasiun Tegal jam 2 esuk. Ning Stasiun Brebes ora mandeg waktu kuwe. Dadi terpaksa mudun ning Tegal. Duit ya nggari pirang ewu tok waktu kuwe, cuma bisa ngg numpak becak maring maring prapatan Maya, treru ngko lanjut numpak elf oh, maring Brebes. Wis tak rancang kaya kuwe. Tapi kan jam 3 durung ana elf, akhire nunggu byar oh. Lha, nang terminal Tegal, akhir ngliyep sedelat nang bangku, sandal tak copot oh.

Eh, waktu ngelilir, sandal tak goleti kah laka. Ilang... Asem kah, mangkane sandal carvil oh, jaman semono kan keren nganggo sandal carvil.

Terus, pengalaman numpak KA Gaya Baru Malam, sing biasane mandeg nang Stasiun Brebes. Kuwe mangkat sing Pasarturi rada sore, jam 5an, dadi anjog Brebes jam 3 esuk. Kyeh sing ora kepenak, biasa dang wis perek siap-siap oh. Ternyata anjog Makam Pahlawan mandeg, tak kira sedelat. Akhire ngenteni anjog stasiun, tapi jebule ning Stasiun Brebes ora mandeg. Kurang ajar kiye masinise...

Waduh, panik oh, loken mudune nang Cirebon? Kayong ampun oh, wong ora nyekel duit nggo numpak bis maning maring Brebes. Akhire, duwe pikiran, mesti sadurunge Cirebon kan ana stasiun maning kan, lha kan mesti mandeg maning KA Gaya Baru Malam kiye. Ternyata mandeg beneran, jebule ning Stasiun Bulakamba. Langsung mudun belih... Tapi bingung, soale stasiun Bulakamba, jebule ora ning pinggir Pantura. Untuge ora patia adoh sing Pantura. Akhire mlaku maring Pantura. Ana becak sing pada nunggu penumpang, toli takon, angger maring Brebes ongkose pira? Waktu kuwe njaluke seket ewu. Dih, numpak sepur sing Surabaya be paling bayare separone, toli duit nang dompet ya kari patang ewu. Tukang becake laka sing gelem njujugna maring Brebes. Tapi wonge apikan, akhirnya diandegnya mbil-mobil sing kosongan. Supire nggawa mobil anyar sing Jakarta, terus pan dalah nang dealer ndean.

Akhire ana sing gelem mandeg, takoni pan maring endi. Jawabe enyong, perek kah om, maring Brebes. Toli bayare pira? Sakarepe wis. Kiye aku ana patang ewu, gelem? Alhamdulillah, gelem. Ajjog ning umah sadurunge subuh.

Kuwe mau pengalaman mudike enyong, sing macem-macem. Akeh ora kepenake. Untunge saiki duwe bojo ya wong Brebes, umahe ya ning Brebes. Mbuh mbesuk maning, pan ngalami mudik maning ora? Karuan, saiki tah wis serba kepenak. Pan numpak sepur ya bisa pesen saduruge, pan numpak bis ya akeh mudik gratis. Numpak travel, ya pirang-pirang. Nebeng wong sing kenal, ya bisa.... he...he...

Komentar

Postingan Populer