Yuh Melu Kabe

Oleh: M Riza Pahlevi

Sing arane KB (kabe, dudu kabeh) kuwe pancen program sing ora ana pol-polane. Awit mbiyen sampai saiki, bahkan mungkin sampe mbesuk kiamat, program KB tetep ana. Jamane aku cilik bae, angger liwat perbatasan desa mbuh kota, biasane ana tugu atawa baliho sing gambare wong lanang wadon nggandeng bocah loro, anake lanang karo wadon. Kuwe jare jargone wong KB, dua anak cukup. Nganti saiki sih esih belih yah? Kayane tah esih, wong kantore be esih, dadi ya program kuwe tetap bae ana.
Mangkane kuwe, KB tetap dadi prioritas pemerintah. Wong pejabate be ning kabupaten eselon II, kuwe berarti dadi prioritas. Sih bisane dadi prioritas? Wong saiki, sing arane KB kuwe ora mung kudu nduwe anak loto tok, tapi kabeh kudu direncanakena. Keluargane eben sejahtera lan berkualitas. Angger keluarga wis berkualitas, akhire wargane ya sejahtera lan berkualitas, sing-anjog-anjoge negarane yang sejahtera lan berkualitas. Ora dadi bangsa sing bermental tempe, tapi bermental sate. (Padahal tempe ya enak, ora kalah karo sate yah... malah ajre sate akeh kolesterole, tempe tah bebas kolesterol oh).
Ora dadi prioritas kepriben, wong sing arane keluarga, ya kudu direncanakena. Wong sing pengin kawin, ya aja keenomen, istilahe pernikahan dini, kuwe jare ora apik. Pan duwe anak, yang digawe rencana, wis siap apa durung, psikologise lan kebutuhan lia-liane. Kuwe kabeh fungsine keluarga berencana.
Toli bisane keluarga be kudu direncanakena? Kayong pemrentah pan mbayari apa kepriben. Wong urip nang duwe karep dewek-dewek, pan duwe anak telu nganti sepuluh ya karepe dewek, wong makani, ya makani dewek. Kah... dikongkon nduwe anak mung loro tok. Kuwe nang ora cocok oh, karo pituture wong mbiyen, banyak anak banyak rejeki. Soale saben bocah kuwe nggawa rejeki dewek-dewek, angger anake akeh nang berarti rejekine tambah akeh oh. Coba diitung, misale bocah siji rejekine siji, ana bocah loro berarti rejekine mung loro tok. Tapi coba, angger anake 10, berarti rejekine ya sepuluh. Kuwe logikane wong mbiyen kaya kuwe.
Tapi jare wong KB ora kaya kuwe, keliru tur wagu. Angger etung-etungan matematika tah kaya kuwe, tapi kiye kan etung-etungan sosial, etung-etungan sing hasile bisa beda-beda. Lah, angger diwalik pribe. Misale kuwe rejeki sing gusti Allah nggo sakeluarga ana 10, terus dibagi anake 10, ya hasile siji-siji kabeh oh. Tapi angger dibagi mung loro, hasile kan lima. Kan, hasile ora mesti akeh atawa setitik. Tapi sing jelas, angger keluargane akeh, kuwe kudu perhatian luwih akeh. Perhatian maring anak ya luwih akeh, ora terbagi-bagi. Pendidikane ya bisa nganti duwur, ora mung SD atawa SMP tok, tapi bisa kuliah.
Angger masalah rejeki tah relatif, maksude ya wis ana aturane dewek-dewek, sing penting usaha. Lha kiye, balik maning masalah keluarga berencana, saiki pemrentah ora mung gembor-gembor tok, nduwe anak loro cukup, ora mung kaya kuwe tok. Tapi akeh pekerjaan liane terkait karo keluarga. Ya mau kuwe alasane, negara sejahtera lan berkualitas, ya dimuali sing keluarga. Ora ora bisa diganggu gugat. Angger wong sing ora nganggep KB kuwe penting, berarti comp... Lha, keluarga kuwe tulang punggu negara. Ora percaya, kae ungkapan generasi muda sebagai generasi penerus bangsa, angger keluargane ora beres, yang generasi mudane ora beres juga. Durung maning masalah ledakan penduduk, angger ora ana KB, penduduk Indonesia nang wis sahaha-haha. Lha terus mangane priben, kerjane angel, tempate sesek lan lia-liane. Pokoke angger KB ora berhasil, negara tambah semrawut.
Kuweh... pentinge KB. Malah saiki be wis dibentuk Ikatan Penulis Keluarga Berencana (IPKB) nang Kabupaten Brebes, sing ketuane Wasdiun. Tujuane salah sijine ya kuwe, dadi sarana informasi nggo masyarakat kaitane karo program KB. Wong saiki pancen jaman teknologi informasi, apa-apa serba tekonologi, salah sijini ya kuwe, teknologi informasi. Ana internet, koran, majalah, sing memang dadi kebutuhan masyarakat. Mulane kuwe, eben program KB tambah berhasil, ya kudu manfaataken teknologi informasi sing ana.
Saiki pertanyaane gampang kah, sampean pada wis pada melu KB durung? Aja mung ngomonge tok, wis pada nglakoni durung, khususe PLKB-ne oh, sebagai pihak yang berwenang. Yuh, pada melu KB, wong manfaate nggo dewek kabeh kah... (*)

Komentar

Postingan Populer