Lagi Ungsum Kartini

Oleh: M Riza Pahlevi

Saben tanggal selikur April kuwe diperingati Dina Kartini. Kuwe dina kelahirane Kartini, sing saiki berarti wis 132 tahun. Wis tuwa nemen yah... Iya, angger diitung awit lahire Kartini ya wis tuwa, senajan saiki wonge wis laka. Tapi dina kelahirane selalu diperingati, dianakna upacara. Sampe bocah-bocah cilik wadon, termasuk manene barang ya saben tanggal selikur pada paes, nganggo sanggul, nganggo tapih, sampe mlakune be kangelan.
Idih... sapa sih dongen kuwe sing arane Kartini? Nang daerah kene kayane laka pejabat atawa wong sugih sing arane Kartini. Anane Bi Kartinah, kae sing dodol gemblong. Terus ana maning kae sing dodol rujak, arane Bi Kartiyem. Sing arane Bi Kartini, kayane tah laka. Anane Kartono, wong lanang, kae tanggane enyong sing dadi tukang becak. Apa aja-aja ana sedulure kanjenge sing arane Kartini apa yah, kiye kudune ditakokna sing ahline.
Wong enyonge be ora kenal kah, tapi bisane diperingati terus? Daning kelahirane manene enyong ora tau diperingati babar pisan? Kan pada bae oh ya? Lha, manene enyong kan ya berjasa, nglairaken enyong lan adi-adine enyong. Makani nganti gede, nyekolahna nganti pinter. Kartini sih sapa, dudu mbokene enyong, buyute ya dudu. Sedulur ya dudu, wong weruh be ora tau.
Kuwe manene enyong, be ora tau diperingati. Mbuh mbokene rika kabeh, diperingati belih. Kayane tah pada bae, wong tanggal laire kapan be belih ngarti, boro-boro memperingati. Ari enyong karo rika, sing penting tah maring wong tuwa, khususe maring mane kudu ngormati, ora kudu memperingati. Ngormatine carane ya kudu sing nurut apa sing diomongna mane, ora kena nlunjak, ora kena mbantah, apa maning mbekis lan mbentak-mbentak. Kuwe jare, angger ana bocah sing ora ngormati wong tuwa, khususe manene, diarane anak durhaka. Contone kae nang cerita, Si Malin Kundang, anak durhaka.
Ning ajaran agama Islam, ya kuwe wis diwulang oh ya... Malah jare Kanjeng Nabi, pas ana sahabat sing takon, sapa sing kudu dihormati ndisit. Jawabe Kanjeng Nabi, ya mane koen, terus sapa maning, mane koen, terus sapa maning, mane koen, terus sapa maning Kanjeng Nabi nembe njawab, bapane koen. Kuweh, Kanjeng Nabi dewek sing kudu dihormati kuwe mane be nganti ping telu, nembe bapane.
Lha, bisane Kanjeng Nabi wis ngajarna kaya kuwe, tengkula ana Dina Kartini barang? Wong wis jelas kah... sapa bae wonge, sing pengin uripe seneng, barokah, tentrem, makmur sentosa lan lia-liane, kuwe pancen kudu ngormati wong tuwa, khususe mane.
Kiyeh, jare buku sing arane Kartini kuwe conto, conto kanggo kabeh bangsa Indonesia. Awit jaman penjajahan Landa, sing olih sekolah kuwe wong lanang tok, kuwe be sing termasuke keluarga sing sugih, ning desa kuwe minimal lurah. Liane kuwe, ora bisa sekola nganti duwur kaya saiki. Terus ora mung kuwe tok, sing olih sekola mung bocah lanang tok. Bocah wadon cukup bisa maca akro nulis, ora kena sekola duwur-duwur. Wong bakale wong wadon kuwe, gaweane mung ning dapur, sumur lan kasur. Kuwe jamane Kartini, sing dadi anake Bupati Jepara. Wong anake bupati be ora kena sekola duwur-duwur, apa maning kaya enyong koen kabeh, wong mangan padung sekolahan be ndean ora tau. Angger laka jasane Kartini, koen kabeh, khususe wong wadon, ndean ora bakalan mangan bangku sekolah. Wong roti be enak kah, tengkula mangan bangku sing alot. Kayong ana-ana bae tah...
Wis ngarti, kuwe sejarah singkate Kartini, sing saiki terus diperingati saben tanggal selikur April. Dadi ora mung sekedar peringatan tok, apa maning mung ganggo paes, kuwe tah nggal dina be bisa. Tapi semangate sing kudu dideleng, semangat persamaan, kesetaraan, emansipasi wanita. Bahwa wong wadon kuwe pada bae karo wong lanang, pada-pada nduwe hak olih pendidikan, olih pekerjaan, olih jabatan lan liane. Mung sing kodrati tok sing ora olih diobah-obah, kaya nglairna, nyusune bocah. Kuwe wis kodrate wong wadon, ora kena diprotes.
Sejen maning angger ngurus anak, kuwe tanggung jawab keluarga, ya wong wadon, ya wong lanang. Angger wadone kesel, ya sesekali lanange ngumbahi pakean, nyetrika lan lia-liane. Angger sing bisa masak, ya melu masak ya kena, sega goreng mbuh apa, sing gampang. Tapi sajane ora mung pas tanggal selikur April tok, tapi mestine nggal dina. Wong peringatan Dina Kartini kiye, mung nggo pengeling, pengingat bahwa wong woadon karo wong lanang kuwe pada. Dudu karena Dina Kartini, apa-apa sing dadi kewajibane wong wadon diserahna kabeh maring lanange, ora kaya kuwe. Aja kadiran ana Dina Kartini. Ngko angger ana Dina Kartono priben, ngko njaluk gantian oh.
Wis, sing penting kiye pancen lagi ungsum Kartinian. Kabeh kudu ngormati, ben dadi pengeling kanggo sekabehe wong Indonesia, saiki wis ora ana kasta-kastanan. Wong lanang kudu ngormati wong wadon, wong wadon ya kudu ngormati wong lanang. Aja nganti dibeda-bedakna, antara wong wadon karo wong lanang. Sing mbedakna mung kodrate Gusti Alloh, kuwe ora bisa diobah-obah. Wong lagi ungsum Kartini, ya Selamat Hari Kartini ya... (*)

Komentar

Postingan Populer