Pilih Komandan Hansip

Bar wis nyusun kabinet baru, Kang Karso sing kepilih dari Ketua RT secara demokratis saiki tinggil milih komandan Hansip. Komandan Hansip kiye penting, karena menyangkut nasib keamanan seluruh warga, termasuk penegakkan hukum di RT-nya.
Soal Hansip kiye, Kang Karso sangat berhati-hati. Soale angger salah pilih, bisa dipaido warga wis wis milih deweke. Makane saiki Kang Karso lagi nganakna fit and profer tes kanggo Komandan Hansipe.
"Kiye masalah besar, dadine kudu aja nganti salah anggone milih Komandan Hansip," ujar Kang Karso, di sela-sela fit and profer test. Sing diejak rembug soal Komandan Hansip kiye penasehat senior RT, Man Kaji lan Humas RT, Mas Jepry.
"Betul Kang Karso, kiye masalah penting. Aja nganti salah, soale menyangkut kepentingane sampean. Demi keamanan negara," ujar Mas Jepry bersemangat.
Kang Karso termasuk serius anggone milih Komandan hansip sing pan ditunjuk. Betapa tidak, Kang Karso sing wis pengalaman dadi Hansip selama 15 tahun, kiya saate luruh pengganti sing luwih hebat. "Sing jelas, kudu luwih hebat sing enyong. Angger ora, tah percuama," tandas Kang Karso.
Man Kaji sing juga lagi serius akhire melu nimbrung. Jare Man Kaji, semangat Kang Karso kuwe patut diacungi jempol. Ora beda karo sing saiki lagi rame nang pusat, golet Kapolri sing anyar. Kae be kayane angel nemen, padahal mung luruh wong siji tok. Soale akeh kepentingan, jejak langkae diperiksa kabeh, termasuk kekayaane. Apakah kekayaan wajar atau tidak. Kuwe mau kudu diperiksa secara detail.
"Mangkane kabeh kandidat kudu lapor harta kekayaane maring pejabat pemeriksa, ora usah maring KPK. Kadohen," jelas Man Kaji.
"Setuju Man Kaji, kebetulan pejabat pemeriksane enyong. Enyong ya pengin weruh, Hansip-Hansip kene sugihe sepira-pira. Tapi katone tah minus kabeh, wong pengin udu be kadang ngutang nang warunge Pak RT. Terus sing pan diperiksane apane Man Kaji?" ujar Mas Jepry.
"Lha kuwe persoalane, sing pan diperiksa apane, soale ora duwe rekening gendut. Anane rekening utang ning warunge Pak RT. Kiye kudune takon maring Pak RT dewek langsung. Priben Kang Karso, kekayaan calon Komandan Hansip pan diperiksa belih. Soale sampean dewek sing weruh, nggal dina pada utang ning warung sampean oh ya," ujar Man Kaji, langsung takon maring Kang Karso.
"Angger masalah kekayaan tah enyong ngerti kabeh, soale data wis ana kabeh nang catatane bojone aku. Pan diungkap nang kene melas oh, ngko isin kabeh, malah ngko pada mundur kabeh. Saiki sing perlu diungkap kiye integritase, pan siap nyaur utang belih?" jelas Kang Karso.
"Lha,daning kaya kuwe Kang Karso, loken fit and profer tes malah nggo golet cara narike utange langgane sampean.Kiye ora bener kyeh," tukas Mas Jepry.
"Kuwe tah usul, ora wajib. Sing penting kepeutusan sapa sing dadi Komandan Hansip tergantung wong loro, sapa sing pan dipilih. Enyong siap menerima bae wis," jelas Kang Karso.
Man Kaji karo Mas Jepry akhire rembugan dewek. Ora let suwe, Man Kaji langsung memutuskan sapa sing pan diangkat dadi Komandan Hansip RT. Kriteriane antara lain dedikasi, loyalitas, pengalaman dan pendidikan. Lha kriteria kuwe jare Man Kaji, wis ana ning wakil Kang Karso selama dadi hansip 15 tahun.
"Ya wis, angger kaya kuwe Kang Darjo bae, sing dadi Komandan Hansip RT. Pengalaman ya olih, dedikasi dan loyalitas ya pas, pendidikan ya cukup, mung lulusan SD," ujar Man Kaji maring Kang Karso.
"Ya wis, aku ya setuju, langsung bae dilantik saiki. ora usah kesuwen, mengko ndandak diprotes warga lan LSM," tandas Kang Karso. (*)

Komentar

Postingan Populer