Kabinet Baru

Pemilihan Ketua RT sing diketuai Kang Karso berlangsung sukses. Soale sing dadi maning jebule Kang Karso dewek. Sadurunge dadi Ketua RT definitif, Kang Karso pancen ditugasi dadi penjabat Ketua RT.
Karena Ketua sadurunge berhalangan tetap. Makane, dalam waktu enam bulan kuwe Kang Karso kudu nganakna Pilkaret atawa Pemilihan Ketua RT.
Beda karo Pilkada, sing syarate minimal ana rong pasang. Panitiane atawa KPU juga ora bisa nyalon. Tapi nang Pilkarete Kang Karso, wis ketuane dewek, sing nyalon ya dewek. Dadine ya sing dadi ya dewek.
“Selamat Kang Karso, saiki wis resmi dadi Ketua RT. Kudu sing tegas, transparan, adil dan tidak korupsi,” pesan Man Kaji, bar Pilkaret rampung.
“Kiye terpaksa Man Kaji, laka sing gelem maning dadi Ketua RT. Soale sadelat-delat didemo, sadelat-delat dikecam, sadelat-delat dipenjara. Kayong kangelan dadi ketua apa pemimpin kiye,” jawab Kang Karso.
Meski terpaksa, Kang Karso wis janji karo rayate. Bakal njalani amanah sing diekena maring deweke. Soale kuwe amanah, njaga wilayah lan ngatur segala-galane. Makane, bar dilantik dadi Ketua RT sing anyar daning Pak Lurah, Kang Karso langsung gawe kabinet baru.
Ora tanggung-tanggung, sejumlah tokoh masyarakat lan pemuda, langsung ditunjuk masuk dalam kabinete. Mentang-mentang dadi Ketua RT anyar, kabeh sing ditunjuk kudu gelem. Termasuk Man Kaji karo Mas Jepry, sing dadi kanca ngobrol saben dina nang poskamling.
“Man Kaji saya tunjuk menjadi penasehat senior. Sedangkan Mas Jepry dadi humas, apa-apa sing dadi kebijakan RT, kudu disampakena Mas Jepry sebagai humas,” tandas Kang Karso.
“penasehat senior priben Kang Karso, kaya presiden bae ana anggota dewan penasehate. Jajate RT be kakean reka,” ucap Man Kaji.
“Ini perintah, tidak boleh ditolak. Yang menolak silakan pergi dari RT sini,” ancam Kang Karso.
“Betul Kang Karso, kudu tegas. Termasuk Man Kaji, sing sering musuhi rika, aja mung kritik terus, tapi coban ndelen dadi pensehat resmi Ketua RT, kudu bisa memecahkan masalah,” tandas Mas Jepry, yang saat ini membela Kang Karso.
Kang Karso sing merasa dibela Mas Jepry pun semakin pede bae. Soale saiki wis duwe kewenangan sing kudu dipatuhi cabinet sing nembe ditunjuk. Tur kebijakan sing dijukut, ya kudu disampakena humas yang wis ditunjuk.
“Lha kiye sing arane humas, kudu mbela maring ketuane, ben aja dianggap remeh bae. Ora salah ngangkat Mas Jepry dadi humas kyeh,” tukas Kang Karso.
Man Kaji sing kayong krasa kepojok, Cuma bisa ngalah tok. “Yaw is, aku setuju dadi penasehat senior. Tapia pa sing dinasehati, kudu dijalanaken, angger ora, ya siap-siap bae di demo daning rayat,” ancam Man Kaji.
Kang Karso tambah seneng. Soale kabinet baru sing ditunjuk, termasuk Mas Jepry karo Man Kaji, kabeh gelem. Termasuk anggota kabinet liane sing wis ditunjuk sadurunge.
“Kiye arane Kabinet Kompromi, soale kabeh asale sekan kompromi. Enyong ya kompromi, Man Kaji ya kompromi, Mas Jepry ya kudu kompromi pisan. Dadi ora ana kubu-kubuan,” papar Kang Karso, kaya piadto ngarepe siding paripurna MPR.
“Kompromi, tapi professional. Ini demi kemajuan RT kita,” tandas mas Jepry, karo tersenyum.
Man Kaji pun turut setuju karo istilae cabinet kompromi. Soale kabeh-kabeh kuwe pancen kudu dikompromikena. Ora bisa dipaksana kabeh.
“Sing jelas kiye laka sing dijaluki bayaran oh ya. Soale ana kabar ana makelar jabatan, nyong ora dijaluki bayaran oh ya,” tanya Man Kaji.
“Sih bayaran apa, apa ana sing njaluki duit,” Kang karso, rada bingung. Soale dewek pancen ora gongkon sapa-sapa njaluki duit maring cabinet barune. “Wong dikongkon mlebu gelem be untung, kah boro-boro dijaluki duit. Kayong ora bener kuweh,” tandas Kang Karso.
“Kuwe humas njelasna oh, sing diomongna Man Kaji kuwe ora bener,” perintah Kang Karso maring Mas Jepry.
“Lha wis njawab dewek kah tengkula ngongkon maning. Ora bisa,” jawab Mas Jepry.
“Nembe dilantik kah wis mbangkang kyeh Mas Jepry, direshuffle lah baru tahu rasa,” tandas Man Kaji karo ngguyu.
Kang Karso mung narik ambekan dawa tok, ndeleng Mas Jepry mbangkang. Tapi ora wani ngomongi, apa maning nganti mecat. Bisa berabe. (*)

Komentar

Postingan Populer