Kena Tipu

Jaman saiki pancen angel luruh kerja. Coba deleng bae nang rubrik Ngresula Radar Tegal, ana bae sing ngresula angele luruh kerja. Ana kerjaan pisan, sarate angel, jarene minimal sarjana. Lha sing lulusan SMA, SMP, apa maning sing lulusan SD sih primen. Ora bakal bisa kerja-kerja oh, dadi pengangguran selawase.
Lha, lagi angel-angele golet kerja kah ana sing nawari kerjaan, kepenak maning. Gajie gede, kerjane ringan. Tur oleh fasilitas sing lumayan, ya kuwe dari pegawai negeri alias PNS. Tapi sarate kudu mbayar, ora mung sa juta-rong juta, tapi puluhan juta, bahkan ana sing entek atusan juta.
Barang wis kaya kuwe, wis ngetokna duit puluhan juta, dienten-enteni kah ora teka-teka. Apa maning wis dikongkon tuku klambi seragam PNS, apa ora kesel lan isin. Sing arane SK, dienteni jare mengko-mengko terus. Sampe akhire sing njanjikna kae saiki ora tau katon, alias kabur. Mbuh maring endi?
“Angger kaya kie tah jelas penipuan! Toli ya geleme-geleme wong kuwe ditipu yah… Kayong pancen kesempatan golet gawean angel, malah nggo nipu wong sing lagi susah. Kebangeten nemen yah kae wong,” cerocos Kang Karso, bar maca Radar Tegal.
Man Kaji sing wis maca Radar Tegal, juga mung bisa geleng-geleng tok. Apa maning kasus kaya kuwe wis bolak-balik terjadi. Korbane ya akeh, ana wong sugih, ana wong mlarat. Pokoke sapa bae sing gelem metu duit nggo luruh kerja, kuwe sing diincer.
“Pancen kebangeten nemen yah Kang Karso. Kuwe arane mencari kesempatan dalam kesempitan. Dosane gede nemen kweh sing nglakoni, mangkane aja nganti kaya kuwe. Toli aja nganti melu-melu kejebak oh,” tutur Man Kaji.
“Iya Man Kaji, kayong eram aku tah. Pikirane cindek kabeh apa yah, mbuh sing nglakoni, mbuh sing ketipu, kuwe kayane pikirane cindek kabeh,” Kang Karso nambahi.
Jare Man Kaji, ning zaman kaya kiye, pancen angger ora ati-ati ya mengkone bahaya. Termasuk kejebak penipuan kaya kuwe, apa maning duit mung-munge, dongene pan nggo nyag apa modal usaha, malah ilang melayang tak berbekas.
“Mangkane, aja gambang kegoda rayuan setan, kuwe kan termasuk setan. Serba cepet, hasile jare kepenak. Angger kelakon, kepenake sedelat, tapi sengsarane luwih-luwih, mesti ana bae lah…,” jelas Man Kaji.
Mas Jepry sing awit mau mung ngrungokna obrolone seniore melu-melu komentar. Jarene Mas Jepry, fenomen kuwe biasane menjelang penerimaan CPNS. Ana oknum sing ngaku-ngaku, jarene wong pereke bupati atawa liyane, sing bisa nglebokna dadi CPNS.
“Masalah kaya kuwe ana ning endi bae, ora nang kene tok. Tapi daerah liyane juga pada. Tapi pancen dibuktikna rada angel. Kudune ya pada-pada waspada, aja ngati ketipu,” jare Mas Jepry, sing pernah pengin dadi PNS.
Wis kaya kuwe, jare Mas Jepry, angger ana wong sing mlebu dadi PNS ngetokna duit nganti puluhan juta sampe atusan juta, wis dijamin pegaweane ora peta. Mesti ngkone golet bati ndisit, mbalekna modal. Akibate kerjaane ya semrawut, korup lan ora bener.
“Coba gen, dititeni bae. Angger ana wong kaya kuwe, mesti uripe ora bener lan ora berkah,” tambah Mas Jepry.
“Bener tah bener Mas Jepry. Kuwe kudu diwaspadani lan dititeni. Kayang apa kerjane, jegod ora,” tandas Man Kaji.
“Terus wong sing kayak kuwe kudune dikapakna yah,” timpal Kang Karso.
“Toli angger ana makelar jabatan, mestine ya melu, ben oleh jabatan sing duwur. Eben gampang oleh duite maning oh,” Mas Jepry nembahi pertanyaane Kang Karso.
Man Kaji sing pancen wis duwur ilmune, mencoba ngein pengertian maring sing butuh. Soale penipuan kuwe, jare Man Kaji, ora mung nang CPNS tok, tapi nang liyane. Angger ana kesempatan, ya mesti disikat. Mangkane aja nganti kegoda soal kaya kuwe, jalan pintas.
“Kayak penggandaan uang, ana bae sing ketipu. Loken duit bisa digandakna lipat-lipat. Tapi tetep bae ana sing ketipu, nganti milyaran. Kuwe wong sing kaya kuwe berarti pikirane pancen cendek,” beber Man Kaji.
Mangkane, di jaman sing tambah angel kaya kiye, kudu sing sabar lan akeh ndongane bae. Ben uripe slamet, waras lan berkah. (*)

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer