Saling Serang

Wis pirang-pirang dina, upaya saling serang antara dua kubu sing berseberangan lagi rame dibicarakna. Ora mung nang dunia bal-balan tok, tapi liyane juga saling serang. Satu pihak pengin liyane kalah, pihak sijine ya ora gelem kalah. Pokoke saling peran ben bisa menang. Angger bisa ben aja tangi maning, alias KO, kaya sing nang tinju.
Tapi sing diwaca Kang Karso nang Radar Tegal ora mung bal-balan tok, tapi ana berita hukum, berita politik, lan berita liyane. Nang kono juga ana istilah saling serang. Satu pihak pengin dadi pemenang, pihak sejene ya ora gelem kalah.
"Kayong laka sing gelem kalah. Pengine menang kabeh. Apa maning kae sing bal-balan, pengine dadi juara dunia kabeh. Angger sing nang piala dunia kae ana istilah fair play, lha angger ning dunia hukum sih ana belih yah...," ucap Kang Karso.
Krungu pertanyaane Kang Karso, Man Kaji ora bisa langsung njawab. Soale apa bener nang dunia hukum, politik lain liyane kuwe kaya pertandingan apa belih. Ana aturane apa belih, kaya sing nang bal-balan. Angger kalah ya wis, ora kena nggugat, pengin maen maning. Bisane melu tahun ngarepe, kuwe be kudu mulai sing awal maning. Ora bisa langsung nang babak final.
"Kayane tah sejen Kang Karso, wong kae bal-balan, kae politik lan hukum. Aturane ya dewek-dewek. Dadi fair play-ne yang sejen-sejen, ora pada," jawab Man Kaji.
"Iya, angger nang bal-baln tah pancen kudune saling serang. Ben ngegolna terus menang. Tapi angger nang politik dan hukum sih saling serange ben apa Man Kaji," takon Kang Karso.
"Lha kuwe, sing nganti saiki aku dewek ya durung ngerti. Apa sing dituju, angger politisi saling serang. Hasile kuwe apa. terus maning kae, saling serang sing kasus hukum, dongene maksude apa? Wong angger salah ya diubuktikna, angger ora salah ya dibuktikna. Kok malah saling serang," jare Man Kaji.
"Terus ana finale belih yah Man Kaji," takon Kang Karso drewewel.
"Rika angger takon siji-siji ndisit gen, pertanyaan mau be durung ke jawab, kah takon maning. Final-finale, memang bal-balan apa ana finale," jawabe Man Kaji.
"Lha ya oh Man Kaji, wong sing arane saling serang kiye mesti ana sing menang, ana sing kalah. Angger laka sing kalah lan laka sing menang sing pada bae tawuran, mung pokoke saling serang tok, mbuh sing kena bala mbuh musuh. Pokoke sing nang ngarepe ya diserang," tandas Kang Karso.
Lagi asyik-asyike nyerang Man Kaji, ujug-ujug Mas Jepry teka. Bagi Man Kaji, kiye bisa dadi wasit sing menguntungkan. Soale, biasane Mas Jepry mbelani pendapate dewek, dari pada pendapate Kang Karso.
"Lha kiye, Mas Jepry teka. Priben kyeh Mas Jepry, angger saling serang nang dunia politik maupun dunia hukum. Kiye bener apa ora, terus sapa sing menang? Jare Kang Karso tah kudu ana sing menang lan sing kalah," ujar Man Kaji, begitu Mas Jepry teka.
"Sing jelas tah kaya kiye, sampean sebagai penonton aja melu saling serang. Nonton bae sing akur. Nggari ndeleng bae permaenane, angger ngegolna ya nggari melu-melu seneng. Ora usah ngalak-ngalakna sing kalah. Apa maning komentar sing ora-ora, nyalah-nyalahnya pemain lan wasit. Semana uga nang berita politik lan hukum, delengen bae lah, ora usah melu-melu. mentakan mbati kesel dewek," jawab Mas Jepry.
Wong loro mau sing kayong serang-serangan kalimat, malah dadi bengong tok. "Dadi dewek mau ya termasuk saling sernag yah, sing menang lan sing kalah ora genah. Wis nggari nonton lan meneng bae lah," ucap Kang Karso karo Man Kaji. (*)

Komentar

Postingan Populer