Celengan Babi

Kang Karso nembe bae balik sing pasar. Ngater bojone blanja kebutuhan sedina-dina, sing saiki mulai pada manjat. Wong cabe be nganti Rp 30 ewu sa kilo, bawang abang ya mulai larang. Angger kaya kuwe tah petanine jelas untung, senyume rada amba. Tapi angger kaya Kang Karso, sing mung dadi penjabat RT, sing ora duwe sawah lan gaji tetap, apa maning gaji ke-13, ya mesti gelagepan.
Bar anjog umah, Kang Karso melu nyudahe blanjanane bojone. Disudahi lan digawani mlebu. Tapi pas nyudahi, Kang Karso rada kaget. Sebabe ana celengan babi, deweke ora ngerti yen bojone kuwe tuku celengan babi ning njero pasar. Jare bojone, kuwe celengan nggok anake, sing pan mlebu SD, eben belajar nabung.
“Angger belajar nabung tah enyong setuju nemen. Apa maning saiki rega-rega pada larang. Kudu irit, makane bocah kudu diajari nabung, paling ora nang celengan. Tapi mestine aja celengan babi oh… wong celengan liane be akeh, ana celengan kodok, celengan ayam. Persoalane mbokan dituduh menghina, pencemaran nama baik. Wong babi kuwe jare haram,” cerocos Kang Karso, nang pos kamling bar nyudahi blanjane bojone.
Man Kaji sing ora ngerti urusane, yang bingung karo ocehane Kang Karso. Apa hubungane celengan babi karo pencemaran nama baik.
“Rika kesambet nag endi donge? Ujug-ujug pencemaran nama baik, menghina. Sapa sing dicemarna, sapa sing dihina donge?” takon Man Kaji.
“Lha… lha… Sampean ora maca koran apa priben, kae Tempo dilaporna mencemarkan nama baik gara-gara celengan babi. Nyong mbokan melu-melu ke gawa, soale bojo nukokna celengan babi nggo bacah. Kan repot, urusan dadi susah angger wis kesangkut hukum,” jawab Kang Karso.
Man Kaji mung mesam-mesem krungu jawabane Kang Karso. Soale ora ana urusane celengan babine sing dituku bojone Kang Karso karo pencemaran nama baik.
“Rika kah senenge berprasangka sing ora-ora, toil sing pan ngadukna pencemaran nama baike rika sapa, pak ustadz apa sapa. Apa babine dewek, bisane didadekna celengan. Kaya kuwe ora terima, apa priben,” tutur Man Kaji.
“Sampen kiye pancen during maca Koran kiyeh… coba diwaca ndisit. Ngko lha jelas, sampean ya ora wani tuku celengan babi, kuwe merendah harga diri, masa mung dipadakna tok karo babi?” cerocos Kang Karso maning.
“Rika sing kudune maca maning, apa sebabe celengan babi mau kuwe diadukan pencemaran nama baik. Persoalan dudu mung celengan babi tok, tapi ana lia-liane sing melu mburine. Dadine ana sing ora terima, merasa dihina, wong institusi resmi kah dipadakna karo celengan babi,” jelas Man Kaji.
“Lha sih priben, kayong tambah bureng kyeh enyong,” tukas Kang Karso.
“Kae Mas Jepry teka, coba ditakoni, masalahe apa. Bisane kah celengan babi be nganti dilaporna pencemaran nama baik karo penghinaan,” Man Kaji nodokna Mas Jepry sing nembe teka karo keblek abange.
“Priben, ana pa maning kyeh ribut-ribut,” ucape mas Jepry karo guyon.
“Kiye dudu ribu Mas Jepry, tapi Kang Karso keweden bar bojone tuku celengan babi. Soale nang berita dina kiye, gara-gara celengan babi, Tempo dilaporna polisi maring polisi. Lha rupane Kang Karso wedi, mbokan melu kegawa dilaporna polisi,” papar Man Kaji.
“Oh… masalah kuwe. Sampean ora usah wedi Kang Karso, wong kuwe kan cuma celengan, ora nana kaitane karo masalah sing nang nduwur. Dadi ora usah kuatir, angger perlu tuku sing akeh, toil dibagi-bagi oh… Nyong njaluk ya kena,” Mas Jepry ngguyoni Kang Karso.
“Lha siji tok be pan diisi apa, wong saiki regane kebutuhan dapur pada mundak, mundake ya ora kira-kira. Wong pan nyambel be, mengkreng sa glinding regene Rp 500. Apa ora keterlaluan kuwe,” jawab Kang Karso.
“Yaw is, sing penting angger ana turahane ditabungna. Kiye ana recehan, nggo ngisi pertama mana,” timpal Man Kaji maring Kang Karso. (*)

Komentar

Postingan Populer