Nasib Marjab

Nasib Marjab
Oleh: M Riza Pahlevi

Hiruk pikuk makelar kasus (markus) nang pusat ibukota kayong tambah amba, dudu mung Gayus tok, tapi liyane juga mulai disangka sebagai markus. Bahkan, jarene sejumlah petinggi aparat penegak hukum kuwe malah dianggap sebagai markus kakap. Anggar ikan kakap tah enak, apa maning dibakar karo sambel tomat, mak nyoss.
Ning Jakarta berita kuwe be durung rampung, lha kah ning kene muncul berita sing pan pada. Arane mung dudu markus, tapi marjab, makelar jabatan. Aja keliru lho, soale angger Marjaban kuwe arane bupati Brebes. Dadi cukup marjab bae…
Lha Kang Karso sing saiki wis menduduki jabatan sebagai penjabat Ketua RT pun kena tudingan, kalau jabatannya itu karena ikut-ikutan marjab.
“Nyong disangka melu marjab, dikon setoran karo tengah juta. Lha wong RT be laka gajihe, nyong dewek yang kerjane serabutan. Toli pan melu-melu marjab, kyong laka pegawean nemen,” guman Kang Karso, ketika mendengar dirinya ikut marjab dari warga.
Man Kaji yang sedari tadi mengamati Kang Karso pun turut berkomentar. “Lha rikane be krasa belih, angger ora, ya ora usah dugal. Delengna bae, kae sing nyebar isu ndean iri karo rika Kang Karso,” tutur Man Kaji, yang lagi bijak saat ini.
“Iya tah iya, tapi dong krungu nang kuping dadi panas juga. Masa nyong sing ora gableg apa-apa diisukna melu marjab. Terus loken marjabe nganti najog ketua RT, kayong eram temen aku tah,” gerutu Kang Karso yang semakin grememetan.
Man Kaji pun kembali bersikap bijak. “Kiye akrena isune wis nyebar, rika kudune menggelar konferensi pers, menerangkan berita yang sesungguhnya. Biar rakyat tahu, mana yang benar,” kata Man Kaji layaknya penasehat pemerintahan yang ulung.
“Konferensi pers? Kuwe sih apa Man Kaji. Nyong tah ngartine mung Konferensi Meja Bundar. Angger nang RT nang arane kumpulan karo warga,” Tanya Kang Karso, yang memang belum tahu istilah tersebut.
“Rika kayong ketinggalan nemen sih, padahal nggal dina maca Radar Tegal, kah konferensi pers be ora ngarti. Pejabat kah gaptek nemen sih. Konferensi pers kuwe menjelaksan isu yang beredar di hadapan wartawan, ben warga ngerti kabeh lewat koran,” tandas Man Kaji, sing nembe melu pelatihan jurnalistik nang bale desa, sing dianakna lurahe. Ben wartawan bodrek sing sokane ngompas pernagkat desa pada ngarti etika jurnalistik dank ode etik jurnalitik.
“Lha, Man Kaji tah reka-reka temen. Jajate RT tok be ana konferensi pers segala, kaya pejabat gedean bae,” kata Kang Karso yang langsung paham maksude Man Kaji.
“Eh, ngomong-ngomong nasibe marjab sing rame nang berita saiki priben?” timpal Kang Karso lagi.
Man Kaji yang belum sempat menjawab pertanyaane Kang Karso dikagetkan dengan suara kebleke Mas Jepry, sing monine ngoar-ngoar.
“Waduh, korban marjab lagi pada apa kiyeh,” tandas Mas Jepry.
“Koen maning, senenge ngompori tok, dudu nulungi nyong sing diisukan melu marjab, malah nuduh maning. Koen kiye asline mahasiswa pro reformasi apa pro repotnasi sih,” celetuk Kang Karso.
“Ora kaya kuwe Kang Karso, soale kiye nang berita lagi rame marjab. Aja-aja rika juga dadi korban marjab, sing kurang ajar kae. Kudune marjabe kiye dikapakna yah,” tandas Mas Jepry.
“Kayong angel Mas Jepry, soale laka buktine. Terus sing dadi korban ya ora mungkin ngaku oh, wong carane ora bener kah diungkap, pada bae bunuh diri oh.. dadine kangelan. Teruse sing dadi marjab ya ora mungkin ngaku, wong arane be jare-jare,” jelas Man Kaji.
“Lha nyong sing ora melu-melu be diiuskan kaya kuwe, ya melu blingsatan, lha loken RT sing laka gajihe be dijaluki marjab, akyong ora berperikemanusian nemen loken marjabe. Tuli sing percaya ya compong, tapi angger pejabat sing gede-gede tah ndean iya, wong kae sing aku kenal, ora ngerti apa-apa be jebule dadi pejabat. Saiki dadi petata-petiti,” tandas Kang Karso membela diri.
“Kudune DPR-re didemo yah, ben takon maring eksekutife, apa benar ana marjab. Soale akeh jabatan sing ora sesuai karo kemampuan lan pangkate,” tandas Mas Jepry.
“Wah, kuwe tah urusane koen Mas Jepry. Nyong ora melu-melu, kuwe tugase koen karo kanca-kancane, ben DPR-re terbuka matane, aja mung angger ana duit tok mbukane,” tandas Man Kaji, yang diiyakan Kang Karso. (*)

Komentar

Postingan Populer