Hukum Mati atau Gantung?

Hukum Mati atau Gantung?
Oleh: M Riza Pahlevi

Nang TV lan Koran, saiki isini berita markus, alias makelar kasus. Markus sekarang ini lagi rame, karena mereka punya rekening puluhan miliar.
“Edan ah, duite miliaran. Kene golet selawe ewu sedina be mumet ora karuan,” gumam Kang Karso sambil mbolak-mbalik Radar Tegal.
Dalam hati, Kang Karso amat dongkol. Lha markus sing nggawani duit pajak, termasuk deweke. “Kiye berarti duwite aku digawak mlayu markus, dasar koruptor,” teriak Kang Karso dalam batin.
Nafas Kang Karso dari kejauhan kelihatan ngos-ngosan, saking nahan amarah maca berita terkait markus, sing nggawa mlayu duit puluhan miliar.
Man Kaji yang baru saja setor PBB nang bale desa kebetulan lewat nang tempat cangkruke Kang Karso, biasa… nang pajok desa, nang patrolan.
“Kayong lagi umeb Kang Karso, ana masalah apa. Esuk-esuk kah kayong amarahe lagi memuncak, ana apa donge?” timpal Man Kaji sambil menghampiri Kang Karso, sing lagi serius maca Radar Tegal.
“Sialan bener, enyong susah-susah golet duit, barang bayar pajak kah digawa markus. Enak teme olehe nggarong duite nyong, awas angger ketemu!” ancam Kang Karso.
“Idih, kayong sewot karo sing arane markus, wong endi kuwe, mene tak parani. Umahe naing endi Kang, aja wedi, ana enyong kah,” sambut Man Kaji seadanya.
Kang Karso yang benar-benar sewot bertambah sewot saja atas jawaban Man Kaji. Menurut Kang Karso, masalah ini menyangkut masalah negara, yang wajib diselesaikan secepatnya.
“Man Kaji, ini masalah Negara, penting sekali, Uang rakyat yang disetor lewat pajak, kok maen embat begitu, apa ini tidak membunuh rakyat kecil, seperti saya? Jadi jangan dianggap guyonan ini,” tukas Kang karso, dengan nada tinggi.
“Masalah apa sih donge, kok bisane jengkele maringe aku. Nggawa-nggawa Negara maning, kayong saiki wis dadi pejabat apa,” jawab Man Kaji, yang sepertinya belum mengerti benar apa yang dipikirkan Kang Karso.
Akhirnya, dengan gayanya yang sok tahu, Kang Karso menjelaskan apa yang baru saja dibacanya di Koran Radar Tegal. Yakni terkait dengan berita markus, yang sekarang ramai di TV dan koran.
“Oh, markus kuwe, nyong ya melu sewot. Ora rika tok Kang. Kiye nembe bae mbayar PBB. Aku langsung ngomongi petugase, supaya duit pajake nyong langsung disetor, aja dingo sing ora perlu. ANgger ngarti dinggo, langsung tak laporna KPK sisan, ben tuman,” beber Man Kaji.
“Wong kaya kiye kudune dikapakna yah.. Kayong njuweti nemen sung, angger nang kene tah tak kepruk sisan,” cerocos Kang karso karo mbalangna koran sing diwaca.
“Ya diproses hukum, diadili.. ben pada tuman,” jawan Man Kaji.
“Iya, tapi hukumane apa sing pantes, dihukum mati apa digantung bae? Ben liyane aja tiru-tiru…,” Kang Karso memancing Man Kaji.
Tiba-tiba saja Mas Jepry, sing nganggo keblek abang teka, kayane tah nembe balik sing kampus. Seperti biasa, angger ana wong loro kuwe ya mesti Mas Jepry mampir, ora etang njaluk udud mbuh apa, arane be esih mahasiswa, luruh sing gratisan.
“Kayong lagi pada serius nemen kyah Kang Karso karo Man Kaji. Ana isu apa maning, kayong ora kanda-kanda,” cerocos Mas Jepry.
“Kyeh, jare koen markus pantese dikapakna?” Man Kaji langsung ngomong bae maring Mas Jepry.
“Markus sapa, Om Markus sing umahe nang Perumans apa sapa,” pura-pura Mas Jepry tak tahu soal markus.
“Kiye markus dudu arane wong, tapi mekelar kasus, sing lagi rame nang TV lan koran, kae sing nggawani duit rakyat kudune dikapakna?,” Kang Karso mencoba menjelaskan.
“Oh, ya dihukum seberat-beratnya lah.. kiye be mahasiswa pan pada demo, supaya markus disikat ahbis, dihukum mati,” jawab Mas Jepry sekenanya.
“Ya, nyong setuju, markus kudune dihukum mati, termasuk apra koruptor sing mangani duit rakyat,” timpal Man Kaji.
“Nyong tah setujune dihukum gantung bae, nang alun-alun, ben liyane weruh, dadine ora pada niru oh…,” sahut Kang Karso.
“Lha kae sih, tanggane rika, sing dadi markus nang kene, kae dihukum mati apa digantung bae,” Tanya Mas Jepry maring Man Kaji karo Kang Karso.
“Angger kuwe tah aku ora urusan, pan digantung pan dihukum mati, kuwe urusane koen,” jawab Man Kaji lan Kang Karso kompak. (*)

Komentar

Postingan Populer